Senin, 30 November 2009

Geguritan (Tembung entar lan seselan)

KD : membaca indah geguritan , seselan ,tembung entar


Geguritan

Kelasku

Saben dina daksaba daksapu

Bangku meja tinata

Para siswa sumedya

Sinau

Amrih dadi bocah kang landhep pikire

Jembar kawruhe

Tan ana kang kuciwa

Tan ana kang sambat

Pinaringan tugas PR akehe ora mekakat

Ora ana kang dawa tangane

Ora ana kang gedhe endhase

Wiwit saka omah gedhong gubug penceng pinggir kali

Kabeh nyawiji

ngangsu kawruh nggayuh impen sundhul langit

gawe arum lan kuncara asma wong tuwa lan nagara

dadi kembang lambe lan kusumaning bangsa

kawiwitan saka klasku* nung041109*