Rabu, 21 April 2010

“CARI-CARI JODOH” Era Teknologi Informasi & Komunikasi

“bapak-bapak ibu-ibu siapa yang punya anak bilang aku,
Aku yang sedang malu pada teman-temanku
Karena cuma diriku yang tak laku-laku………..”

Wiwit jaman biyen manungsa wis dititahake supaya padha tetepungan lan sapa aruh marang sapepadhaning titah. Awit saka tetepungan kang mung satleraman, sabanjure bisa ditingkatake kang luwih jero maneh dadi paseduluran. Dene yen anggone tepungan iku antarane priya lan wanita bisa nuwuhake rasa tresna lan tundhone diraketake ing palakrama.

Bab iki pancen wis ana dhasare yaiku Kitab Suci Al-Quran surat Ar-Rum ayat 21 kang isine bab jejodhoan . Iya ayat iki kang asring dipethik dening kang arep kagungan kersa mantenan banjur kaserat ing layang ulem.
Ing donya ora ana kang ajeg , sakabehane ngalami owah-owahan kalebu cara pitepungan antara wanita- priya utamane kang wis dewasa wayahe palakrama. Ing jaman kuna tumrap wanita ora bisa milih sapa kang bakal dadi jatukramane awit sakabehe wis ditemtokake dening wong tuwane. Ora sithik pasangan panganten kang durung tepung karo calon garwane. Bab iki ora dadi masalah, jalaran pancen nalika semana pasrawungane bocah wadon utamane kang wis akil balig winates ing kiwa tengene kaluwargane. Ora umum yen sawijining kenya metu klayaban ijen tanpa rowang sanajan iku mung ing tanggane dhewe. Mula dheweke ora akeh tepungan utawa kanca mligine priya. Samangsa ana priya kang ngarepake dheweke, langsung nembung marang wong tuwane bocah wadon lan si kenya ora wenang nulak yen wis ditemtokake dening wong tuwane.
Pasrawungan mangkene sithik mbaka sithik luntur jalaran akeh bocah padha sekolah. Iya ing kene srawunge wanita-priya dadi omber lan anggone komunikasi dadi gampang amarga saben dina ketemu lan interaksi sosial dadi luwih intensif. Sajrone sekolah bocah – bocah bisa mengerteni wewatekane lan pakulinan saben dinane kang ditindakake dening sapepadhane bocah. Pakulinan sawijining bocah bisa ditularake marang bocah liya gumantung marang kemampuane bocah anggone nyecep budayane kanca. Si Dhadhap kang ora ngerti carane mancing amarga omahe adoh kali bisa dadi pinter mancing jalaran melu-melu kancane. Si Waru kang ora bisa matun dadi prigel matun amarga diajari kancane lan sapiturute.
Iki kabeh lumaku ing jaman negarane dhewe nduweni budaya agraris kang ditengeri akehe masyarakat kang nyagerake wuluwetune alam kanggo pangupajiwa sadinane.
Gandheng jaman wis ngalami owah gingsir , owah uga budayaning masyarakat anggone nindakake pasrawungan. Kanggo sapatemon karo wong liya, manungsa ora kudu adu arep kanthi langsung , gepok senggol utawa tabok-tabokan kaya salumrahe wong kang suwe ora ketemu. Kemajuan teknologi dadi sarana kanggo nggampangake komunikasi karo sapa bae, ing ngendi bae, kapan bae. Kanthi ragad, wektu lan tenaga kang luwih irid pasrawungan bisa tetep langgeng jalaran sawernane fasilitas wis nyukupi butuh.
Kahanan sarga gampang lan canggih iki uga nular ing jagading jejodhowan. Biyen , wong-wong kang durung nemokake jodhone bisa kirim identitas ( kang disingidake dening redhaksi ) lan nyebutake kang dikarepake ing Kolom Kontak Jodoh utawa sabangsane ing media cetak. Yen syarat lan ubarampene wis nyukupi banjur kapacak , diwaca banjur direspon dening wong kang mbutuhake iya kang nduweni karep padha. Sadurunge padha tepung, Redhaksi layang kabar minangka “mak comblang” utawa “mediator” kang ngurusi mlebu metune layang kang sadurunge wis ana kode kanggo sapa Layang Jodoh mau arep kakirimake. Sabanjure mangga kersa kang padha tepungan arep dibacutake dadi bebojoan , paseduluran utawa malah ora nyambung babar blas amarga ora nuju prana.
Saiki, cara kuwi wis ora njamani. Televisi kang nyuguhake kasenengan pandang-dengar nduweni acara saemper luru jodho mau. Acara kang dipandhu dening priya bagus lan wanodya ayu iki sajake disenengi dening penonton. Ing kene bisa disumurupi rupa, dedeg piyadeg, wicara lan pitakonan langsung marang calon pasangan kang dikarepake . Wanita ora isin tampil ing TV kanthi status “ singgel” sanajan umur wis nyukupi kanggo omah-omah. Ora mesthi wanita ayu gampang luru jodho, semono uga ora mesthi priya bagus mesthi dikinthil dening wanita. Awit akeh peserta priya/wanita kang kasinungan rupa bagus/ ayu nanging ora dipilih dening para peserta liyane .
Wis ora jaman maneh luru jodho kanthi nganakake pasang giri adu kasantikan kadigdayan lan sabangsane. Dudu jamane Ratu ayu Kencanawungu lan Damarwulan. Awit kasantikan kadigdayan saiki dumunung ana ing dhompet, pamikiran lan pakaryan. Rupa kuwi nomor loro, dene kang utama yakuwi cocoging ati , kaya kang kaserat ing tembang Asmaradanane R. Ng. Yasadipura : gegarane wong akrami, dudu bandha dudu rupa, amung ati pawitane, luput pisan kena pisan, yen gampang luwih gampang, yen angel-angel kalangkung, tan kena tinumbas arta. Iki kang tetep lestari wiwit jaman kuna nganti saiki.
Wanita lan priya duwe hak kang padha kanggo milih lan dipilih, nemtokake pasangan urip bebarengan kanggo selawase. Coba dipirengake lagune Wali kang muni kaya ing ndhuwur. Utawa nyetel TV kang pranata adicarane muni “ priya singgel, tunjukkan dirimu…………… minangka pambuka acara kang paling dianti-anti dening kang lagi ngupadi jodho ,utawa kanggo panglipur tumprap kang wis ketemu jodho. *nung*050410