Selasa, 08 November 2011

Kalimat Rumpang Klas VII / 2

.
Sekolahku  manggon ing Kalidoro. Saben awan akeh sing padha …(a)…..ing ngarep sekolahan. Ana bakul es buah, bakso, …(b)….., martabak, sempolan lan liyane. Anggone padha dodolan nganggo  …….(c)…………utawa ditumpakake sepedha / motor. Bab iki …(d)……bakule yen sawayah – wayah pindhah panggonan luru papan sing reja. Pancen luwih praktis tinimbang jaman biyen sing anggone dodolan mung ……..(e)        …….utawa digendhong.
Wangsulan : dipikul,  dodolan, grobag surungan, batagor, nggampangake

Demam IC


       Mulih sekolah tas diuncalake. Wiiing  Tiba ing ngarep TV. Bubar kuwi cepet-cepet mbukak kaos kaki lan nyopot sepatu.  Ora beda uga banjur diuncalake. Saiki tiba ing sisih kursi makan. Karo bengok – bengok dheweke banjur celuluk……..
“ Cepeeet. Aku ngeliiiih Endi piring  lan ngombene.Selak ngelak iki lhooooo. Ndang gelis  selak aku matiiiii”
Ibune kang isih repot ana pawon mung ngelus dhadha.Ing jero ati tansah nyebut nyuwun tambah kesabaran lan kekuwatan ngadhepi anak  lanange  kang kalakuwane kaya mangkono

“ Iki ngger cah bagus. Dipangan ya ngger, nanging sragam sekolahe  dicopot dhisik . Kuwi TV ne wis wiwit siyaran Idola Cilik.Artis  Idolamu sedhela maneh nyanyi. Isin lho nonton Idola Cilik during salin sragam “ pambujuke ibune
“ Iya .nanging dulang Ibu lho ya…”wangsulane anak lanang karo aleman. Tangane ndudul remot mbanterake siaran TV
“ Buuuu Okky Lukman tampil karo Lintar lan Rio, Bu. Aku kepengin bisa tampil ing Idola Cilik kaya Lintar !”
“ Iya, nanging kudu sregep latihan nyanyi ora kok bengak bengok bae !”
“ Kan latihan olah vocal, Bu “ wangsulane anak lanang ora gelem kalah
Ibune mesem., ngerti karepe anake geneya keri keri iki kerep bengak-bengok.*nung*

Pacelathon : Balapan Ing Dalan Lingkar

. Kompetensi Dasar : Berdialog tentang tempat umum

Restu   : “Ngati –ati yen liwat dalan lingkar   anyar Yan  !”
Rayan  :” Geneya ?”
Restu     :”Aku wingi meh cilaka liwat kana. Akeh bocah saumuran awake dhewe padha balapan motor ing kana . salah sijine meh nyrempet aku lan bapakku“
Martino  :“Ya pancen asyik balapan ning kana .Dalane aspalan mulus .Yen gelem kowe bisa melu grupku besuk Minggu”
Raka      :”Iya No, aku gelem melu .Montorku anyar playune banter. Bapakku mundhute sing paling larang ben menang dianggo balapan.Dakampiri balapan ning dalan lingkar ya!” olehe muni  karo ngelus elus sadhel montore
Restu     :”Dakkandhani ya. Dalan lingkar iku dudu arena balapan  trek-trekan.Dalan  kuwi kanggo liwat kendaraan bermotor lan mbebayani yen koanggo balapan. “
Raka      :” Alah padune omongane wong gething merga ora duwe sepedha motor”
Martino  :”Yen pengin kowe  cah loro dakboncengake.Pokoke asyiik.Wis ta mengko dakampiri lan dakjajakna  bakso. Bocah loro ora apa-apa sing penting kompak. Oke!”
Rayan    :” Dadi bonceng telu ? wedi aku No.baksone bae aku gelem.” *ng*

Kelasku


Suplemen : Tembung entar


Saben dina daksaba daksapu
Bangku meja tinata
Para siswa sumedya
Sinau
Amrih dadi bocah kang landhep  pikire
Jembar kawruhe
Tan ana kang kuciwa
Tan ana kang sambat
Pinaringan tugas PR akehe ora mekakat
Ora ana kang dawa tangane
Ora ana kang gedhe endhase
Wiwit saka omah gedhong gubug penceng pinggir kali
Kabeh nyawiji
ngangsu kawruh nggayuh impen sundhul langit
gawe arum lan kuncara asma wong tuwa lan nagara
dadi kembang lambe lan kusumaning bangsa
kawiwitan saka kelasku*

Sabtu, 05 November 2011

Pada Suatu Malam

senyap di keheningan malam
sayap mengepak mekar
terbang
jelajahi langit yang biasanya biru
malam itu putih
jingga
merah
semakin merah
erang iringi tiap arungan
kepakan menukik tajam
semakin menghujam
memerah peluh tak bersisa
indahnya malam
takkan terulang *






Jumat, 04 November 2011

Rabu, 02 November 2011

Ketrampilan Damel Rujak

Kompetensi Dasar : Menulis ketrampilan hidup
Materi Klas VIII / 1

1. Keterampilan urip
    Judul : Keterampilan damel rujak
2. Cengkorongan : 1. Akeh wong seng seneng rujak lan regane mirah
                             2. Cara lan bahan kanggo ndamel rujak
                             3. Pesen supaya nguri-uri rujak
3.

Keterampilan Damel Rujak

                Rujak punika kalebet panganan ingkang disenengi tiyang katah. Amargi reginipun kang mirah, rasane enak. Biasane akeh wong dodol ing pinggir dalan. Rujak iku isine kathah buah-buahe lan ana sambele.
                Carane nggawe gampang. Bahane gampang diluru.ing kiwa tengen omah. utawa pasar.  Bahane yaiku nanas, bengkuang, jambu air, dondong, timun, kates, belimbing, semangka, lan bahan kanggo damel sambel yaiku lombok, gula abang, trasi, uyah. Carane yaiku (1) Onceki buahe lan irisi cilik-cilik, (2) Resikk utawa kumbah ngagem toya. Cara ndamel sambel yaiku (1) lombok  dikumbah nganti resik, (2) Lombok,  trasi , uyah  diuleg, sawise alus banjur diulegi gula abtri. lan ditambah toya sithik. Rampung iku, sambel  diwadhahi mangkok lan bahan liyane didosok ing pinggir.
                Punika caranipun lan bahanipun damel rujak, kanthi ngewakani babagan menika sumanggaa sami ngudi supados saged damel rujak piyambak. Buah ing rujak bisa divariasi manut selerane piyambak. monggo dicobi.....

Jeneng : Ananda Erica D.
Kelas : VIII-G
Nomer Absen : 03 

Kamis, 27 Oktober 2011

Geguritan Siswa / Purwakanthi

Kompetensi Dasar  : Menulis sastra sederhana (geguritan)
Suplemen : Purwakanthi
Materi Klas IX / 1

 Asrining Pawiyatan


Arum melati, melatine edi peni
Kembang lan wit - witan ing taman
Arum angambar
Ora ana uwuh sinebar



Saben dina siswa nyuwun pirsa
Saben dina dwija paring tuladha
Saben dina siswa lan dwija
Reresik sekolahan lan plataran
Njaga kasarasan lan asrining pawiyatan


Pawiyatan kang endah
Gawe betah kang padha singgah
Siswa seneng merguru lan sinau
Uga dwija paring ilmu


Njaga asrining pawiyatan
Lan uga karesikan lingkungan
Citra kaum kang ngugemi pepadha
Kanggo cipta saeka praya
Manungsa lan jagad raya*


Desi Niken Nur Aisah 
Kelas IX-B/10

Jumat, 21 Oktober 2011

RPP Klas VII


RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
Nomor 1

                                         Sekolah                   : SMP Negeri 1 Pati    
Mata Pelajaran         : Bahasa Jawa
Kelas / Semester      : VII / 1
Alokasi Waktu         : 2 x 40 menit
Tahun                       : 2011 / 2012

Standar Kompetensi   :   Mendengarkan
1.   Mampu memahami dan mendengarkan berbagai wacana lisan dalam berbagai      ragam bahasa Jawa.

Kompetensi Dasar      : 1.1 Mendengarkan percakapan dalam berbagai kegiatan, misalnya percakapan dengan teman sebaya, guru, orang tua dan yang dituakan

Indikator                     : 1.1.1  Mengungkapkan isi  percakapan secara lisan maupun tulisan dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
                                        1.1 2 Mengajukan dan menjawab pertanyaan sesuai konteks pembicaraan.

Pariwara

.                       Kompetensi Dasar : Menulis iklan / poster
Materi Klas VII / 2

Senin, 03 Oktober 2011

KEMBANGE PANGURIPAN

tresna
bisa ngundhakake lan nikelake samubarang rasa
duhkita
cuwa
turida


duhkita kang dadi kembanging panguripan
daksuwun kaya sepur kang playune pindha dioyak setan
enggala mrangguli stasiun
ganti gumanti penumpang lan bakul asongan

cuwa kang dadi kembanging panguripan
dakajab ora lestari sumimpen primpen
bisaa kaya banyu kali
mili..............

turida kang nggedhor-nggedhor dhadha iki
daksuntak mawa reroncening kekembangan  rerakiting tetembungan
supaya sliramu ngerti
aku ora kuwawa nandhang lan nyandhang
tresna kang kosawurake biyen kae
ngrembuyung  tumeka dina iki

asmaradana kang kotembangake lamat lamat
saya cetha keprungu ing kupingku
muga ora nuwuhake dahuru
mring  aku 
mring sliramu *



Minggu, 01 Mei 2011

Soal tes tertulis KD Membaca indah cerkak dan tembang Sinom

I.
1. Mangga dipunsemak sekar  Sinom 01 ( ing MP3 sisih tengen, tengah  blog punika ) makaping kaping !
2. Mangga dipunserat  cakepan sekar Sinom  saben gatra !
3. Mangga dipunserat  pathokan sekar  Sinom !
4 .Punapa isi sekar Sinom ingkang kasemak kalawau mangga dipunjlentrehaken kanthi cetha, mawi  rakitan ukara para siswa piyambak !
5. Punapa tegesipun tetembungan punika : nulad, sun, kadi, rungokken, miwah, dhingin, momomg

II
.Mangga dipunbikak  situs Ki Demang ( dipunpadosi saking blog punika ugi ,sisih kiwa MP3 ) !
 Mangga dipunwaos cakepan Sinom 02 lajeng dipunsemak sekaripun makaping kaping !
 Bab punapa ingkang sami lan benten saking sekar Sinom 01 lan Sinom 02 ( Ki Demang ) ? Mangga dipunjlentrehaken kanthi cetha !


                                           AKU TRESNA  BASA LAN BUDAYA JAWA

Jumat, 29 April 2011

6. Jendhela



Ing akasa gumebyar kartika
Cumlorot pamer cahya
Janma limpad bisa marak seba mrana

Ing samodra jumlegur ombak mbandul baita
Aku lan sliramu bisa slulup gegojegan lawan mina
Tekan dhasar apa sungapan blaka

Thelenging nala nora bisa
Digrayangi sepira jero apa amba
Liyan datan mangerteni suka sungkawa
Lega apa kuciwa
Yen ora kababar utawa kawedhar
Sarana blaka utawa lumantar pralampita
Kabeh sarwa samar

Awit netra minangka jendhela wardaya,
Dumunung ing papan liya*** 220309

Rabu, 27 April 2011

diamnya dia

diam itu emas,
sunyi dan meresahkan,
walau diam kadang kurindukan,
tapi tahukah kau,
aku bosan dengan diam yang kau berikan.

Selasa, 26 April 2011

pepanggihan

pepanggihan dina iki
ketemu mitra kadang nunggal sawah lan pategalan
amung winates galeng lan kalenan
bebarengan macul ngarit nyebar winih
sinambi kekidungan lan dedonga mring pangeran
bisaa thukul trubus nengsemake
mbiyut wohe
eyub wite
bisa kanggo nyukupi sandhang pangan
bisa dadi papan pangayoman
bisa dadi apa bae
migunani lan murakabi soksapaa kang mbutuhake
@ para kadang dwija ingkang nembe ngayahi jejibahan mirunggan UN ing pawiyatan