Jumat, 29 April 2011

6. Jendhela



Ing akasa gumebyar kartika
Cumlorot pamer cahya
Janma limpad bisa marak seba mrana

Ing samodra jumlegur ombak mbandul baita
Aku lan sliramu bisa slulup gegojegan lawan mina
Tekan dhasar apa sungapan blaka

Thelenging nala nora bisa
Digrayangi sepira jero apa amba
Liyan datan mangerteni suka sungkawa
Lega apa kuciwa
Yen ora kababar utawa kawedhar
Sarana blaka utawa lumantar pralampita
Kabeh sarwa samar

Awit netra minangka jendhela wardaya,
Dumunung ing papan liya*** 220309

Rabu, 27 April 2011

diamnya dia

diam itu emas,
sunyi dan meresahkan,
walau diam kadang kurindukan,
tapi tahukah kau,
aku bosan dengan diam yang kau berikan.

Selasa, 26 April 2011

pepanggihan

pepanggihan dina iki
ketemu mitra kadang nunggal sawah lan pategalan
amung winates galeng lan kalenan
bebarengan macul ngarit nyebar winih
sinambi kekidungan lan dedonga mring pangeran
bisaa thukul trubus nengsemake
mbiyut wohe
eyub wite
bisa kanggo nyukupi sandhang pangan
bisa dadi papan pangayoman
bisa dadi apa bae
migunani lan murakabi soksapaa kang mbutuhake
@ para kadang dwija ingkang nembe ngayahi jejibahan mirunggan UN ing pawiyatan