Jumat, 15 Januari 2016

Buku Anyar


Puji sukur mring Allah SWT kang wus paring kanugrahan tan kawilang. Sawise meres pikir sawetara suwene saperlu ngolah tetembungan ngrakit ukara wusanane kasil uga ngrampungake buku kumpulan geguritan asesirah "Mata Biru " kang diterbitake dening "Fire Publisher" iki. Laire buku iki minangka kado lan pengetan  ulang tahun anak-anakku kinasih lelorone, Inez lan Alda. Kanthi pangajab bocah-bocah ora wegah lan tansah ngudi ilmu kawruh kanggo ngundhakake lan njembarake pamikir lan pamawas.
Senajan isih akeh kekurangan ing kana kene awit cupeting kawruh lan cetheken sesurupan, dakajab buku iki minangka pambuka lan sumusul laire karya kreatif liyane.
Buku iki awujud kumpulan geguritan kang isine nyritakake sawernaning lelakon urip ing bebrayan. Minangka wanita, garwa, guru, asmara lan crita liyane. Pamrayoga lan panyaruwe daktunggu amrih sampurnane karya iki bacute. Matur nuwun.