Ing akasa gumebyar kartika
Cumlorot pamer cahya
Ing samodra jumlegur ombak mbandul baita
Aku lan sliramu bisa slulup gegojegan lawan mina
Tekan dhasar apa sungapan blaka
Thelenging nala nora bisa
Digrayangi sepira jero apa amba
Liyan datan mangerteni suka sungkawa
Lega apa kuciwa
Yen ora kababar utawa kawedhar
Sarana blaka utawa lumantar pralampita
Kabeh sarwa samar
Awit netra minangka jendhela wardaya,
Dumunung ing papan liya*** 220309