Kesel banget rasane awakku sawise patang dina konsentrasi nggarap soal Uji Coba UN ing sekolah .Omah sepi jalaran wong tuwa lan sedulurku padha sowan simbah ing Tayu wiwit mau esuk. Dhekwingi ana kabar bulik Sri sing sadalem karo simbah babaran putrane mbarep kakung, ngiras tilik kawilujengane simbah bubar gerah wingenane.Daksawang ruang tamuku resik lan sarwendah sawise ibu masang pot godhong gelombang cinta, ngganti korden lan masang sarung bantal kursi anyar.Walah jeneng kok gelombang cinta, batinku.Gek gek liya dina ana tanduran aran badai asmara , tomat rebonding, kanggo ngimbangi cabe kriting.
Kanggo ngisi wektu aku mbukak computer, ngakses internet golek materi kanggo nggarap tugas biologi.Wah guruku siji iki yen maringi tugas jiaaaan nganyelake banget.Dupehfasilatassekolahku sarwana banjur maringi tugas warna - warna.Pokoke bocah – bocah digawe betah ora betah mesthi suwe ing sekolah.Mbuh ngitung suket ing lapangan, ngitung kendaraan sing liwat ing ngarep sekolah, apa nguthak-nguthek mikroskup ing lab. Sing gawe bocah-bocah seneng ya diseteleke CD interaktif
Lagi penak-penake donlod materi keprungu swara wong uluk salam
“Kula nuwun…”, aku mlengak ngungak njaba. Ing ngarep lawang wis ngadeg bocah saumurku nggawa tas isi kardus
“Mangga mbak, badhe kersa punapa ?” takonku. Atiku kroncalan nyawang tas isi kardus. Mesthi bancakan sega salawuhe, pikirku.
“ Punika Pak Darto dipunaturi dhaharan saking Pak Brata”, wangsulane si mbakkaro mesem. Manis banget.
“ Inggih mbak matur nuwun,”aku sumaur bungah banget. Si mbak sing manis eseme banjur pamit mulih. Aku ora sabar enggal enggal ndhudhah kiriman sega salawuhe. Mbuh geneya yen ana sega bancakan wetengku mesthi langsung nyanyi lagu keroncong lan dhangdhut seru banget. Telap –telep anggonku mangansega lawuh pitik bumbu bali, ora lali mi goreng lan acar uga daksok ing piring. Wah enak tenaaannn.
Lagi enak-enak nyokot tempe gorenge dumadakan keprungu swara lawang ngarep dithothok. Sapa ta iki ngganggu wong mangan ?
“Nuwun sewu mas, nyuwun pangapunten. Kalawau dhaharanipun klentu alamatipun. Ingkang leres kagem Pak Darto RT 4, sanes Pak Darto RT 1 ngriki. Pramila badhe kula suwun malih dhaharan kalawau.Nyuwun pangapunten mas.”
Sanalika aku gragapan Ngelingi isi dhuswis ngalih ing wetengku.Piye olehku mangsuli ? Saka njaba keprungu swara mobil mlebu ing latar.Wong tuwa lan dulurku teka sekeng sowan Simbah lan tilik bayi. Si mbak dakaturi pinarak dhisik.Ibu dakplayoni terus dakcritane prelune si Mbaktekeng omah.Ibu manthuk – mant huk karo mesem.
Wis mbak , mengkoIbu sing ngaturake menyang Pak Darto RT 4 .Ibu dhewe mengko sing matur rana lha dhuse wis didhudhah ki, nuwun sewu ya mbak. Ngapurane ya, bocah pancen ngawur dudu bageyane kok dipangan.” Ngendikane ibu alus
“O inggih Bu matur nuwun,nyuwun pangapunten kula ingkang lepat.Boten kula tliti alamatipun. Nggih sampun menawi makaten kula nyuwun pamit”
Sapungkure si mbak sedulurku padha ngguyu nyekakak ngece aku.Isiiiiin***180110
Wengi iki rasane atiku ora kaya padatan.Rasa was sumelang ngreridhu saranduning badan wiwit mau awan. Sakabehing tumindakku kaya kaya ora kabeneran.Ah ... aku nggresah. Apa bener impen sing ngrenggani turuku mau bengi ? Ujare wong akeh impen mono kembange turu. Yen impen mau impen kang endah lan nyenengake mesthi wae seneng olehe nanggapi. Lha yen impen kang ala utawa isi sasmita sungkawa apa ora gawe susah lan mutawatiri ? Lan iki sing dakalami-.Mbah Kakung sing daktresnani ngalami kacilakan lan dadi korban tabrak lari.
Mbah kakung mono mujudake pawongan kang akeh banget labuh labete ing panguripanku. Panjenengane ngancani lan nyukupi kabeh kabutuhanku saben dinane. Sih katresnane marang aku tanpa wilangan. Bapak ibu sibuk ngurusi pakaryane minangka pejabat ing kantor pemerintah. Pikiranku nyandhak tekan ngendi endi sing paling ala kang bakal dumadi. Daksebut asma Allah kanggo nentremake ati. Dakombe segelas susu kanggo nambah daya amarga saawan aku ora doyan mangan, banjur mapan turu.
Jam lima esuk aku tangi, salat Subuh banjur ngrewangi Mbah Putri masak sambel goreng tahu lawuh kasenenganku.Aku ora nyritakake impenku marang bapak ibu. Simbah putri lan adhiku utawa mbah kakung dhewe. Daksimpen primpen ing thelenging ati lan dedonga muga muga iki mung kembange turu.
Jam nuduhake angka nem punjul selawe menit. Indi kancaku wis teka ngampiri.
“Assalamualaikum. Kula bidhal”, aturku marang wong tuwaku karo ngaras astane.
“ Waalaikumsalam, ngati-ati olehmu numpak pit !” saurane Ibu karo ngelus –elus rambutku. Mbah Kakung wis nyiapake sepedha kang katon gilap rampung dilapi lan niti priksa ban ora gembes, banjur daktumpaki alon – alon bareng Indi.Ora nganti sepuluh menit aku sakloron wistekan sekolah.
“ Piye kabarmu malem minggu wingi Na ? Sibuk persiapan Olimpiade Matematika Nasional sasi ngarep ?” pitakone Indi rekane dadi wartawan koran lokal.
“ Eh raimu kok katon suntrut, mripatmu rada abang kaya bar nangis apa piye ?” Veni lagi teka langsung takon kaya mangkono.
Kalorone ngajak aku lungguh ing taman sekolah. Daksawang taman kang asri kebak kekembangan endah mawarni. Wit-witan lan sesuketan teles bar disirami tukang kebon katon seger. Pot-pot tumata tharik-tharik ing tritis laborat IPA gawe tentreme pikir ok sapaa sing nyawang. Nanging dina iki sesawangan endah mau rinasa ampang.Dakcritakake kabeh impenku marang kanca raketku amarga aku ora kuwat ngempet. Ora krasa luhku dleweran.
“Wis ta Na,kowe ora perlu susah. Aku yakin iki mung kembange turu bae. Kowe kudu bisa ngilangake pikiran ala, aja ngantidadi pepalang persiapan olimpiadematematika mengko” kandhane Dina ngeyem yem aku.
“Biasane impen ala malah tumuse apik.Yen impen apik malah kosok baline. Aku tau ngimpi masku dadi ngantenlan pestane gedhen rame banget. Aku seneng. Nanging bareng dakcritakake impen mau marang bapak ibuku penjenengane malah katon susah. Ora suwe sawise aku ngimpi masku kapundhut amarga kapal sing ditumpaki ngalami kacilakan katrajang gedhening ombak ing Samodra Hindia. Mula kowe aja susah,muga muga iki pratandha kowe bakal kasil ing olimpiade mangko”.Tembung iki gawe tentreming atiku. Matur nuwun Gusti, Panjenengan maringi kanca ingkang saged nglipur kula. Aku sakanca banjur mlebu kelas amarga bel wis muni.
Thok thok thok ! swara lawang kelasku dithothok saka jaba. Bu Anik, guru BK rawuh lan nimbali aku supaya sowan ing ruangane. Tuwuhmaneka tandha pitakon ing pikiranku. Bareng aku wis lungguh ing kursi“pasien” Bu Anik ngendika.
“ Rina iki mau ana kabar saka kulawargamu. Mbah kakung ngalami kacilakan nalika nyabrang arep tindak ing toko buku Puas”.
Alus swarane Bu Anik keprungu kaya bledheg ing kupingku. Kelingan wingenane aku nyuwun dipundhutake novel Laskar Pelangi dening Mbah Kakung minangka kado ulang tahunku kang ka 14. Aku rumangsa luput lan dosa gedhe marang Mbah kakung. Ya Allah, impenku kasunyatan ! Sanalika panyawangku dadi kumepyur.Atiku trataban kaya ana tetabuhan. Sawise bisa nata ati aku balik ing kelas saperlu njupuk tas lan pamit mulih. Ora lali aku ngandhani Vina sing lungguh jejer aku.
Awan iki kelas rame banget. Guru basa Jawa ora rawuh amarga penataran ing Semarang. Tugassing diparingake guru piket ora digatekake dening bocah-bocah klas IX F.
“ Din..Dina ,geneya Rina kok mulih dhisik ?” pitakone Andi karo ndudul gegere Dina. Sing duwe geger noleh lan mangsuli.
“ Ooo .Ben lara sing suwe aja cepet mati. Yen wis ngono Rina ora bisa konsentrasi ngadhepi Olimpiade. Cihuiii ... aku bisa ngranggeh posisi utama sing sasuwene iki dilungguhi Rina, iya ta? Andi ngomong karo Dina. Sing dijak ngomong manthuk karo ngacungake jempol tangane.
“Kurang ajar. Duwe kanca atine ana wulune. Yen serik karo Rina ora ngono carane.Ngono kuwi dicakna ning awake !Coba yen sing kacilakan iku wong tuwamu dhewe, apa kowe ora susah ?” Saure Vina karo tuding-tuding drijine ngarah Andi.
Ngadeg nyet Andi nyauri ora kalah sora.
“ Lha sasuwene iki Rina angel banget diasorake. Terus terang kedadeyan iki dadi kalodhangan kanggoku supaya gegayuhanku kasil”.
“ Wong lanang kemangi! Ora sportif ! He rungokna ! aku ora lila saingan prestasi kanthi cara iki. Dakdongakna kowe ora lolos seleksi ing Olimpiade Matematika mengko ! “. Indi sing kawit mau menengbae nyambung. Sanalika kelas dadi rame .
“ Bocah bocah, ana apa iki kelase rame banget ?” swara manteb keprungu nalika Pak Bambang ngendika. Sanalika kelas malik grembyang kaya kuburan. Ora ana sing mangsuli pandangune Pak Bambang, banjur mbacutake olehe ngendika.
“ Bapak pirsa kanthi cetha wong kawit mau mirsani saka saka jendhela. Sanajan ora kowangsuli Bapak iya wis uninga kang dadi jalarane rame. Andi, Pak Guru gela kowe duwe watak kaya mangkono. Mesthine kowe melu sedhih keluwargane kancamu nampa musibah, amarga kancamu iya sedulurmu. Ayo didongakake supaya kang nandang gerah enggal waluyajati, dene kang bagas waras tansah diparingi kaslametan !”.
“Minangka tandha paseduluran lan ngakoni kaluputan, becikeAndi mengko sore tilik simbahe Rina ing rumah sakit Mardi Waras. Gusti Allah kuwi ora sare lan pirsa sakabehing tumindakmu kalebu ucapanmu mau. Dakpujekake Rina lan Andi lolos Olimpiade Matematika lan kasil dadi juara!” ngendikane Pak Bambang.
Kabeh siswa sing krungu padha mesem sajak marem lan nyarujuki ngendikane Pak Bambang.
“ Ven, kowe percaya impene Rina wingenane minangka sasmita saka kang Maha Kuwasa ? “pitakone Indi lirih marang Vena.
“ Ah iku mung kabeneran bae. Muga muga mengko bengi aku ngimpi dadi pacare Nicholas Saputra , sapa ngerti dadi kasunyatan” wangsulane Vena.
Rampung muni ngono bocah loro banjur ngguyu bareng.***280706
Senang sekali bisa nulis lagi di blog setelah nyepi beberapa waktu. Gak ada apa apa hanya agak malas dan tidak ada ide.Setelah baca - baca blog teman muncul hasrat menulis lagi.... Minggu yang lalu kami (aku dan teman teman ) jalan jalan di Jogja dan sekitarnya. Sekedar refresing sekalian mengunjungi tempat baru.Banyak hal yang sebelumnya belum pernah kujumpai, undur undur laut yang sangat lezat kubeli dari mbak bakul di Parang Tritis.Rasanya hemmm ...nyamnyam. Nonton pagelaran sendratari Ramayana di panggung terbuka meninggalkan kenangan indah, menikmati sensasi anoman obong dan romantisme Rama Sinta di bawah rintik gerimis wah..jadi ingat masa muda. Penginapan yang mewah dan hidangan yang luar biasa menjadikan kami sejenak sebagai seorang jutawan atau pejabat yang memperoleh layanan dan fasilitas prima. Alhamdulillah setidaknya aku pernah menikmati. Banyak hal lucu terjadi sehubungan dengan yang "sejenak" tadi. Terkunci di kamar mandi karena gak bisa membuka kembali, mandi salah muter kran sehingga yang muncrat air panas, menjadi bahan canda teman teman. Hidangan yang belum akrab di lidah membuat rindu sambel trasi goreng teri. Ya... dasar kampungan .Memang sih.pernahkan pembaca mengalami seperti yang kualami ? Atau malah lebih kampungan lagi ? Berada di puncak Keteb memberi kenangan tersendiri. melihat film tentang gunung berapi menjadikan diri ini kecil dan makin kecil di hadapan Sang Pencipta. Masih mau takabur atas kuasaNya ? Astaghfirullah ... Yang paling membahagiakan adalah momen ketika aku bertemu dengan anakku....anak yang kusayang dan kurindukan .Kudoakan selalu untuk keberhasilanmu,masa depanmu...