I.
1. Mangga dipunsemak sekar Sinom 01 ( ing MP3 sisih tengen, tengah blog punika ) makaping kaping !
2. Mangga dipunserat cakepan sekar Sinom saben gatra !
3. Mangga dipunserat pathokan sekar Sinom !
4 .Punapa isi sekar Sinom ingkang kasemak kalawau mangga dipunjlentrehaken kanthi cetha, mawi rakitan ukara para siswa piyambak !
5. Punapa tegesipun tetembungan punika : nulad, sun, kadi, rungokken, miwah, dhingin, momomg
II
.Mangga dipunbikak situs Ki Demang ( dipunpadosi saking blog punika ugi ,sisih kiwa MP3 ) !
Mangga dipunwaos cakepan Sinom 02 lajeng dipunsemak sekaripun makaping kaping !
Bab punapa ingkang sami lan benten saking sekar Sinom 01 lan Sinom 02 ( Ki Demang ) ? Mangga dipunjlentrehaken kanthi cetha !
AKU TRESNA BASA LAN BUDAYA JAWA
Minggu, 01 Mei 2011
Jumat, 29 April 2011
6. Jendhela
Ing akasa gumebyar kartika
Cumlorot pamer cahya
Ing samodra jumlegur ombak mbandul baita
Aku lan sliramu bisa slulup gegojegan lawan mina
Tekan dhasar apa sungapan blaka
Thelenging nala nora bisa
Digrayangi sepira jero apa amba
Liyan datan mangerteni suka sungkawa
Lega apa kuciwa
Yen ora kababar utawa kawedhar
Sarana blaka utawa lumantar pralampita
Kabeh sarwa samar
Awit netra minangka jendhela wardaya,
Dumunung ing papan liya*** 220309
Rabu, 27 April 2011
diamnya dia
diam itu emas,
sunyi dan meresahkan,
walau diam kadang kurindukan,
tapi tahukah kau,
aku bosan dengan diam yang kau berikan.
sunyi dan meresahkan,
walau diam kadang kurindukan,
tapi tahukah kau,
aku bosan dengan diam yang kau berikan.
Selasa, 26 April 2011
pepanggihan
pepanggihan dina iki
ketemu mitra kadang nunggal sawah lan pategalan
amung winates galeng lan kalenan
bebarengan macul ngarit nyebar winih
sinambi kekidungan lan dedonga mring pangeran
bisaa thukul trubus nengsemake
mbiyut wohe
eyub wite
bisa kanggo nyukupi sandhang pangan
bisa dadi papan pangayoman
bisa dadi apa bae
migunani lan murakabi soksapaa kang mbutuhake
@ para kadang dwija ingkang nembe ngayahi jejibahan mirunggan UN ing pawiyatan
ketemu mitra kadang nunggal sawah lan pategalan
amung winates galeng lan kalenan
bebarengan macul ngarit nyebar winih
sinambi kekidungan lan dedonga mring pangeran
bisaa thukul trubus nengsemake
mbiyut wohe
eyub wite
bisa kanggo nyukupi sandhang pangan
bisa dadi papan pangayoman
bisa dadi apa bae
migunani lan murakabi soksapaa kang mbutuhake
@ para kadang dwija ingkang nembe ngayahi jejibahan mirunggan UN ing pawiyatan
Langganan:
Postingan (Atom)
