bisa ngundhakake lan nikelake samubarang rasa
duhkita
cuwa
turida
duhkita kang dadi kembanging panguripan
daksuwun kaya sepur kang playune pindha dioyak setan
enggala mrangguli stasiun
ganti gumanti penumpang lan bakul asongan
cuwa kang dadi kembanging panguripan
dakajab ora lestari sumimpen primpen
bisaa kaya banyu kali
mili..............
turida kang nggedhor-nggedhor dhadha iki
daksuntak mawa reroncening kekembangan rerakiting tetembungan
supaya sliramu ngerti
aku ora kuwawa nandhang lan nyandhang
tresna kang kosawurake biyen kae
ngrembuyung tumeka dina iki
asmaradana kang kotembangake lamat lamat
saya cetha keprungu ing kupingku
muga ora nuwuhake dahuru
mring aku
mring sliramu *
Tidak ada komentar:
Posting Komentar