Mulih sekolah tas diuncalake. Wiiing Tiba ing ngarep TV. Bubar kuwi cepet-cepet mbukak kaos kaki lan nyopot sepatu. Ora beda uga banjur diuncalake. Saiki tiba ing sisih kursi makan. Karo bengok – bengok dheweke banjur celuluk……..
“ Cepeeet. Aku ngeliiiih Endi piring lan ngombene.Selak ngelak iki lhooooo. Ndang gelis selak aku matiiiii”
Ibune kang isih repot ana pawon mung ngelus dhadha.Ing jero ati tansah nyebut nyuwun tambah kesabaran lan kekuwatan ngadhepi anak lanange kang kalakuwane kaya mangkono
“ Iki ngger cah bagus. Dipangan ya ngger, nanging sragam sekolahe dicopot dhisik . Kuwi TV ne wis wiwit siyaran Idola Cilik.Artis Idolamu sedhela maneh nyanyi. Isin lho nonton Idola Cilik during salin sragam “ pambujuke ibune
“ Iya .nanging dulang Ibu lho ya…”wangsulane anak lanang karo aleman. Tangane ndudul remot mbanterake siaran TV
“ Buuuu Okky Lukman tampil karo Lintar lan Rio, Bu. Aku kepengin bisa tampil ing Idola Cilik kaya Lintar !”
“ Iya, nanging kudu sregep latihan nyanyi ora kok bengak bengok bae !”
“ Kan latihan olah vocal, Bu “ wangsulane anak lanang ora gelem kalah
Ibune mesem., ngerti karepe anake geneya keri keri iki kerep bengak-bengok.*nung*
Tidak ada komentar:
Posting Komentar