Ping!!! Keprungu swara HP muni saka ngisor bantal.
Ora pati seru nanging gawe kageting
Kumala. HP diranggeh lan dibukak
isine apa lan saka sapa .Katon Lalita posting foto foto selfiene , nggaya melet lan
drijine loro diacungke dadi aksara “V” .Ing mburine katon reca endhas singa putih ngutahake banyu saka cangkeme sacedhake
gedhong -gedhong sundhul langit. Polatane Lalita katon sumringah , mesthine seneng banget
bisa nglencer ing manca negara gratis. GRATIISSS!!!!
Liya wektu ana update
status saka Lalita. Rindu kalian di
kampung Lee Kuan Yew. Wah komentar kanca -kancane rame banget , uga sing
ngeklik “Like”. Sajrone seminggu iki apa bae postingan foto lan update status saka Lalita banget
diantu kanca kancane. Kaya kaya dadi sesulih crita lan guyune.
Esuk kuwi Lalita
sekolah kaya padatan. Nalika pelajaran biologi, Bu Warni nerangake bab
metamorfosa nengsemake banget. Ing layar
proyektor gambar-gambar video pembelajaran kewan maneka warna nuduhake proses metamorfosa
, nggugah kesadarane para siswa marang kuwasane Sing Maha Kuwasa.
“ Jebul ngono kuwi ya
prosese kupu , saka uler kruget-kruget
dadi enthung , aku ra tau nggatekna kuwatir yen gatel kena uler,” omonge Lalita
karo kirag-kirig sajak gilo.
“ Oalah Ta, bocah gedhe wedi karo uler, ngisin-isini . Ra
sumbut karo dedegmu ”, saure Kumala
marang Lalita semu ngece.
Surya sing kawit mau telap telep mangan bakwan
ngrogoh sak nyambung ,“ Iki lo
Ta, tampanana bakwan saka aku “
Lalita nampani barang
sing diuncalake Surya. Sanalika mbengok
lan mlayu gidro gidro. Kabeh sing meruhi padha ngguyu kepingkel -pingkel bareng
weruh sing diuncalake Surya mau uler karet
olehe nggawa saka omah. Rumangsa dijaili Surya, Lalita melu ngguyu lan
nggablogi gegere Surya. Wiwit kedadeyan iku Lalita banjur thukul kuwanene
nyenthok lan ngematake sawernane kewan lan tetuwuhan ciptane Hyang Maha Agung. Luwih jero maneh dheweke
saya sengkud nyinau panguripane sato
kewan lan tetuwuhan ing sakiwatengene.
Bu Warni pirsa kemajuan
sinaune Talita ing pelajaran
Biologi banjur njurung lan maringi
semangat. Buku –buku ilmiah kagungane diampilake marang Lalita. Saben saben ana wektu longgar Lalita
sowan lan diskusi karo Bu Warni bab iki.
Sawijining dina Bu
Warni nimbali Lalita. Ngendikane ana seleksi Olimpiade Biologi tingkat
kabupaten sasi ngarep. Sing lolos seleksi kabupaten dikarantina 2 minggu ing
Balai Diklat Kabupeten bareng karo peserta saka
mata pelajaran liya kanggo persiapan tingkat propinsi. Pemenang tingkat
propinsi diparingi bebana saka sponsor mlaku- mlaku ing Singapura nekani BonBin
lan museum Biologi ing kana.
“Lalita, iki ana
kalodhangan kanggo neter kawruh lan kabisanmu. Dicoba bae mesthi dadi
pengalaman kang aji kanggomu, lan kanggo
Bu Warni dhewe.Dakkira isih ana wektu kanggo ngungkal lan ndhudhuk sesurupanmu,
kaprigelanmu, kawasisanmu”.
“Nuwun sewu, Bu. ampun
kula. Lare ingkang bijinipun langkung
sae mawon kathah, panjenengan
malah ndhawuhi kula” wangsulane Lalita rumangsa minder.
“Iya, nanging Bu Guru
kagungan tetimbangan liya. Prestasimu saya manjila. Senajan peringkatmu ing
sekolah dudu sing paling dhuwur nanging prestasimu ing wulangan Biologi paling
onjo. Wis ora sah mamang maneh, dakkira bapak ibumu ning dalem mengko seneng yen awakmu matur bab iki,
mesthi nyengkuyung putrane sing ayu dhewe, ngono”, bu Warni ngendikan karo
mesem. Manis banget.
Sidane Lalita legawa
nampa dhawuh saka Bu Warni. Bapak Ibu uga njurung lan paring semangat kanggo
ngadhepi olimpide iki. Susu anget campur madu wis sumadya sadurunge mapan turu. Ibu pirsa yen sinaune saya abot,
mula gizine dicukupi. Dina - dina bacute nggawe Lalita saya kleleb ing jagad
anyare, jagad ilmiah.
“Wah, sepi ya rujakan iki ra ana Lalita. Biasane dheweke
sing paling heboh.” ujare Kumala
“Ya, dheweke lagi
semedi , golek wangsit. “ saure Surya.
“Eh, iya, Lalita endi
kok ora ketok? Mau dak SMS dakkon kumpul
rujakan iki mau ra diwangsuli , mangka wis terkirim. Bocahe ya ra tau
chattingan ki. Geneya ?” Wibawa
miterang.
“Wis dakkandhani,
Lalita lagi semedi ra ngandel. suk nek wis bar semedi dheweke mlungsungi.
Titeni wis !” Surya nyambung omongane Wibawa karo molo- molo nyokot timun.
“Omong tenan ki, ana
apa karo Lita ?,” swarane Wibawa seru. Dheweke
rada muntab krungu omonge Surya.
“ Hahaha, ora sah
emosi, ki lho dhondhong dulitna sambel, enak pol “ , Surya isih ngece Wibawa.
Pancen Wibawa rada mambu ati marang Lalita, nanging Lalita ora nglanggati.
Surya ngerti bab iki. Kumala sing lagi ngiris bengkowang sakala mandheg.
Kuwatir guyonane Surya dadi ngambra
ambra banjur ditengahi.
“Kanca-kanca, Lalita
sawetara iki ora bisa melu runtang-runtung karo awake dhewe. Wektune dianggo
konsentrasi ngadhepi olimpiade Biologi sasi ngarep. Dheweke kudu ngorbanake
wektu dolan grubyak-grubyuk murih bisa
kasil ,kanggo masa depane. Mula yen ana sms lan telpon saka kanca- kanca ora
diangkat lan diwangsuli amarga HPne disimpen Ibune. Aku bisa komunikasi karo
dheweke nunut nomere Ibune. Mesthi bae ora bisa
sawayah-wayah anggonku kirim, tur ora bisa sakepenak kaya yen dicekel
Lita dhewe. Nanging rapapa pancen iki
perjuangane Lalita, mesthi ana sing dikorbananeke. Dongane wae saka kanca kanca supaya dheweke bisa kasil “ .
Wibawa managgut manggut krungu ukarane Kumala mau.Jero ati ndongakake Lita bisa
maju lan kasil dadi juarane.
Nganti tekan titiwanci
olimpide dianakake. Usaha lan donga Lalita, para kanca , guru lan wong tuwa ana
asile. Lita kasil dadi juara siji. Ateges kudu mlebu karantina ing Balai Diklat
rong minggu suwene kanggo maju ing tataran propinsi. Saya suwe anggone pisah
karo kanca-kanca , saya nunjem sinaune. Sejatine Lita kepingin kumpul karo Kumala, Surya lan liyane. Nanging
tumpukan buku lan latihan presentasi ngawe -ngawe ora bisa ditinggalake.
Kaya-kaya ilang kamardikane , nyawang akehe materi pelajaran kang kudu
disinaoni.
Saiki dheweke ngundhuh
asile. Dadi juara tingkat propinsi gawe mongkog kulawarga lan sekolahane. Pengalaman
anyar ing panggonan anyar ndadekake tambah percaya dirine. Negara manca kang
ora tau dientha-entha anggone ngambah wis dijajah pojok-pojok kuthane. Kaya
ngimpi. Nanging iki kasunyatan. Kabeh iki digayuh nganggo perjuangan, apa
gratis miturut panjenengan ? **
Tidak ada komentar:
Posting Komentar