. Kompetensi Dasar : Berdialog tentang tempat umum
Restu : “Ngati –ati yen liwat dalan lingkar anyar Yan !”
Rayan :” Geneya ?”
Restu :”Aku wingi meh cilaka liwat kana. Akeh bocah saumuran awake dhewe padha balapan motor ing kana . salah sijine meh nyrempet aku lan bapakku“
Martino :“Ya pancen asyik balapan ning kana .Dalane aspalan mulus .Yen gelem kowe bisa melu grupku besuk Minggu”
Raka :”Iya No, aku gelem melu .Montorku anyar playune banter. Bapakku mundhute sing paling larang ben menang dianggo balapan.Dakampiri balapan ning dalan lingkar ya!” olehe muni karo ngelus elus sadhel montore
Restu :”Dakkandhani ya. Dalan lingkar iku dudu arena balapan trek-trekan.Dalan kuwi kanggo liwat kendaraan bermotor lan mbebayani yen koanggo balapan. “
Raka :” Alah padune omongane wong gething merga ora duwe sepedha motor”
Martino :”Yen pengin kowe cah loro dakboncengake.Pokoke asyiik.Wis ta mengko dakampiri lan dakjajakna bakso. Bocah loro ora apa-apa sing penting kompak. Oke!”
Rayan :” Dadi bonceng telu ? wedi aku No.baksone bae aku gelem.” *ng*
3 komentar:
hahaha. . .sae Bu. . .inget biyen klas VII
..... :D
aku yo gelem baksone wae gak usah dibonceng telu
Posting Komentar