Prabu Ramawijaya lelana sajroning alas Dhandhaka sekaliyan karo garwane yaiku Dewi Sinta , lan didherekake dening rayine kekasih Raden Lesmana. Saking mbangunturute karo ingkang ramane, yaiku Prabu Dasarata ing Ngayodya , satriya Rama karo garwane ninggal kamukten lelana menyang alas. Raden Lesmana ora keri, setya tuhu ngiringake sedulur tuwa menyang alas. Tekan tengah alas, sawise nundhungi buta –buta sing ngganggu gawe , Rama sekaliyan ameng-ameng didherekake Lesmana menyang ara-ara tengah alas kang ngresepake pandulu
Dewi Sinta pirsa kidang kencana ana ing tengah alas mau. Banjur kepengin banget ndarbeni kidang kencana sing apik banget ulese iku. Banjur nyuwun supaya Rama kersa mburu lan nyekelake. Merga saka kesite kidang, banjur ngetutake saparane kidang karo ninggal weling marang Lesmana supaya njaga Dewi Sinta. Amarga kesite, kidang kencana angel dicekel urip-uripan banjur dipanah dening Rama, kidange mati.
…………………………………………………….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar