“ Gajah
Kang Pinter”
Ana sawijining gajah kang apik atine, seneng tetulung marang sapa bae.
Nalika Gajah lagi maku mlaku ing tengah alas krungu swara” Jah.. . Gajah…
tulungana aku!” serune Macan. Krungu swara mau Gajah banjur nggoleki lan
nemokake Macan kang ketindhihan wit gapuk. Gajah banjur nyingkirake wit mau
nganggo tlalene. “ Matur nuwun banget Jah aku wis kotulungi””Iya padha padha
Cil, pancen urip kudu tulung tinulung”, wangsulane Gajah.
Ing papan liya Kancil lagi mangani timun nganti wareg. Kancil krasa
ngelak banjur menyang kali saperlu ngombe. Nanging kali mau asat. Sakehing kali diparani nanging kabeh asat. Kancil
kekeselen ora entuk banyu banjur eling ing tengah tlaga ana blumbang kang ana
banyune. Sejatine blumbang mau tlaga cilik kang jero dadi yen ana kang
nyemplung mesthi angel mentase.
Kancil banjur nyemplung lan ngombe sakatoge. Bareng wis wareg dheweke
ora bisa mentas banjur bengok-bengok njaluk tulung. Krungu pambengoke Kancil ,
Gajah welas lan nyedhaki blumbang . “
Jah, tulungana aku Jah, aku ing jero blumbang..cepet tulungana Jah !” panjaluke
Kancil.” Lah apa kowe ing jero blumbang Cil ?” takone Gajah. Kancil mikir-mikir
olehe arep mangsuli. Yen kandha blaka olehe ora bisa mentas, Gajah mesthi ora
gelem nulungi . mula banjur ngapusi “ Iki aku entuk iwak gedhi , ora bisa
ngangkat Jah. Iwake ning ngisor sikilku. ” Gajah rumangsa yen diapusi Kancil.
Yen ditulungi kanthi njegur blumbang dheweke
ora bisa mentas, amarga awake gedhe. Paling mengko kanggo pancadan wae
supaya Kancil bisa mentas
“ Cil, aku ora
percaya karo kandhamu. Aku ora bisa nulungi kowe. “ Kancil kaget krungu
wangsulane Gajah. Dheweke rumangsa ora kasil ngapusi Gajah, banjur sambat
njaluk tulung ngomong sabenere” Jah, tulungana aku kejegur blumbang. Tulung aku
entasna saka kene Jah….”
“iya daktulungi
Cil, nanging kowe janji aja seneng maeka
liyan maneh, aja ngapusi”
Bareng Kancil
janji bakal tumindak becik, Gajah banjur nulungi. Kancil diangkat saka blumbang
nganggo tlalene kang kuwat.*
Tidak ada komentar:
Posting Komentar