Selasa, 09 Juli 2013

membaca : Gajah ..

.
“ Gajah Kang Pinter”

Ana sawijining gajah kang apik atine, seneng tetulung marang sapa bae. Nalika Gajah lagi maku mlaku ing tengah alas krungu swara” Jah.. . Gajah… tulungana aku!” serune Macan. Krungu swara mau Gajah banjur nggoleki lan nemokake Macan kang ketindhihan wit gapuk. Gajah banjur nyingkirake wit mau nganggo tlalene. “ Matur nuwun banget Jah aku wis kotulungi””Iya padha padha Cil, pancen urip kudu tulung tinulung”, wangsulane Gajah.
Ing papan liya Kancil lagi mangani timun nganti wareg. Kancil krasa ngelak banjur menyang kali saperlu ngombe. Nanging kali mau asat. Sakehing  kali diparani nanging kabeh asat. Kancil kekeselen ora entuk banyu banjur eling ing tengah tlaga ana blumbang kang ana banyune. Sejatine blumbang mau tlaga cilik kang jero dadi yen ana kang nyemplung mesthi angel mentase.
Kancil banjur nyemplung lan ngombe sakatoge. Bareng wis wareg dheweke ora bisa mentas banjur bengok-bengok njaluk tulung. Krungu pambengoke Kancil , Gajah welas lan nyedhaki  blumbang . “ Jah, tulungana aku Jah, aku ing jero blumbang..cepet tulungana Jah !” panjaluke Kancil.” Lah apa kowe ing jero blumbang Cil ?” takone Gajah. Kancil mikir-mikir olehe arep mangsuli. Yen kandha blaka olehe ora bisa mentas, Gajah mesthi ora gelem nulungi . mula banjur ngapusi “ Iki aku entuk iwak gedhi , ora bisa ngangkat Jah. Iwake ning ngisor sikilku. ” Gajah rumangsa yen diapusi Kancil. Yen ditulungi kanthi njegur blumbang dheweke  ora bisa mentas, amarga awake gedhe. Paling mengko kanggo pancadan wae supaya Kancil bisa  mentas
“ Cil, aku ora percaya karo kandhamu. Aku ora bisa nulungi kowe. “ Kancil kaget krungu wangsulane Gajah. Dheweke rumangsa ora kasil ngapusi Gajah, banjur sambat njaluk tulung ngomong sabenere” Jah, tulungana aku kejegur blumbang. Tulung aku entasna saka kene Jah….”
“iya daktulungi Cil, nanging kowe janji  aja seneng maeka liyan maneh, aja ngapusi”
Bareng Kancil janji bakal tumindak becik, Gajah banjur nulungi. Kancil diangkat saka blumbang nganggo tlalene kang kuwat.*




Tidak ada komentar: