Jumat, 15 Januari 2016

Buku Anyar


Puji sukur mring Allah SWT kang wus paring kanugrahan tan kawilang. Sawise meres pikir sawetara suwene saperlu ngolah tetembungan ngrakit ukara wusanane kasil uga ngrampungake buku kumpulan geguritan asesirah "Mata Biru " kang diterbitake dening "Fire Publisher" iki. Laire buku iki minangka kado lan pengetan  ulang tahun anak-anakku kinasih lelorone, Inez lan Alda. Kanthi pangajab bocah-bocah ora wegah lan tansah ngudi ilmu kawruh kanggo ngundhakake lan njembarake pamikir lan pamawas.
Senajan isih akeh kekurangan ing kana kene awit cupeting kawruh lan cetheken sesurupan, dakajab buku iki minangka pambuka lan sumusul laire karya kreatif liyane.
Buku iki awujud kumpulan geguritan kang isine nyritakake sawernaning lelakon urip ing bebrayan. Minangka wanita, garwa, guru, asmara lan crita liyane. Pamrayoga lan panyaruwe daktunggu amrih sampurnane karya iki bacute. Matur nuwun.

1 komentar:

Anonim mengatakan...

Geguritan kanthi irah irahan cover MATA BIRU anggitan sedherek Mahmudah Nuraini damel mongkoging para dwija kabupaten Pati amargi ing Pathi sampun langka panggurit ingkang prodhutif mugia buku menika damel motivasi para dwija supados boten bosen lan nglokro damel seratan kangge majenging pasinaon ingkang materinipun saking guru piyambak ugi dipun onceki piyambak.Buku mata Biru jumbuh kaliyan materi basa jawi mligi ing babagan sastra jawi ,purwakanti,maos gurit,apresiasi gurit,nggancaraken gurit lsp,panyerating tembung tumbung ing guritan ugi sampun jumbuh kaliyan tatanan panyerat basa jawi Panggurit wegig sanget ngronce ukara kangge medhar raos,tembung tembungipun mentes saengga panggurit enggal kados kula kedah wongsal wangsul maos lan mbikak kamus supados saged ngraosaken endahing geguritan……selamat Bu Mahmudah mugi kalajengaken buku sanesipun…kula nugi kepingin nusul panjenengan …guru prodhuktif lan inovatif