Jumat, 29 Mei 2009

Geguritanku

1.Tilas


ana tilas dwija
ana tilas siswa
saiki dadi bupati apa mentri

ana tilas kyai
ana tilas mucikari
obah osiking ati kang ngubengake Gusti

ana tilas garwa
ana tilas maratuwa
crah amarga ana prahara

tan ana tilas : atmaja
tan ana tilas : ibu rama
tan ana tilas : tresna
sakabehane isih ana
salawase tetep ana
sanajan lingsir surya sasangka warsa***250591


2. kere

rujak senthe lungsed minangka tendha
pangeyub angga
nalika beras wutah tempolong bolong bathok mlumah
dadi ajang
yen saben dina kaya ngene
mokal sida mukti urip mengkone ***250591



3. KANGGO ANAKKU WADON


Ndhuk
Ing kana Kyai Subkhi wis tata – tata
Soundsystem sajadah klasa digelar amba
Ulem
Para kawula enggal sowan mring Sing Kuwasa
Apa kowe ora krungu ?
Enggal lungakna
Hello kitty kang kokekep ing dhadha
Apa biyungmu kudu miscall kowe
Supaya cekat ceket tumandang gawe ?
Aja
Aja dadi korban teknologi
lakoni jejibahanmu linambaran ati suci
amrih minulya uripmu tembe buri***
smg 11 des 2008
***

4. Kanggo : Sliramu 1

Carange garing
Pange aking
Godhonge rontok
Kembange gogrog

Nanging empole isih tumancep
Udan wingi trubus
Ngrembaka
Katrajang lesus
*** 28 02 09



Saka : Sliramu 1
Dening : Sliramu

Dina iki udan riwis riwis
Trubuse saya ledhung
Trubus ora katrajang lesus
Dina iki kasiram udan riwis riwis
Apa bisa ngrembaka ?

***



5.Kanggo : Sliramu 2

Kembang mawar
Thukul ing tlatah cengkar
Kurang rabuk kurang tirta kurang sunar
Mung tetesing bun kang ajeg teka
Ora sepiraa
Tan bisa ngrembaka
Tan bisa tumangkar
Kari ngenteni praptane ajal
Najan mangkono arane mawar
Gandane panggah amrik angambar



Sumurupa
Mawar kuwi mapane ing puri
Kinupeng pager kawat ri
Juru taman asikep gegaman tansah waspada
Siyaga mring sakeh bebaya***110309



Saka : Sliramu 2
Dening : sliramu


Apa kang bisa daktindakake
Amrih amrike ora muspra ?




6. Kanggo : Sliramu 3

Sliramu pirsa
Melati ing taman sari kana
Butuh kawigaten lan upakara
Ora kalah arum karo mawar ing kene
Sing beda mung warnane.***110309



2 komentar:

saya :) mengatakan...

sae sae sae :D

ning nanung mengatakan...

inggih matur nuwun