Jumat, 29 Mei 2009

2. Mijiling Wiji Katresnan



Wektu kuwi sasi Nopember. Miturut etungan dhokter minggu iki wis titi wancine jabang bayi sing dakgembol nyecep swasana gumebyar ing donya. Dakeling –eling kabeh pituture Ibu apa –apa kang oleh lan ora oleh ditindakake dening wong wadon kang nggarbini. Siwalan sapiring oleh – olehe Bulik saka Tuban ora dakpangan. Aku ngati- ati awakku dhewe jare wanita nggarbini yen mangan siwalan sirahe jabang bayi siwalanen. Minangka wong Jawa lan urip ing Jawa , sithik – sithik aku ya percaya marang gugon tuhon kang sumebar ing bebrayan Jawa. Tangga ngarep omah mbabarake putrane angka loro raine nembelong ireng ing perangan pipi sisih kiwa. Jarene nalika mbobote , bapake jabang bayi mulas pitik lar putih diwerna abang. Pamrihe kanggo tenger supaya ora kijolan pitike tanggane. Ponakanku dhewe lair ceprot lambene guwing jalaran bapake mancing ing Kedhung Kalipring nalika garwane mbobot. Nanging apa ya kuwi sing dadi jalaran ? Mengko gek –gek gizine ibune kang pancen kurang nyukupi ? Yen kelingan ngono kuwi atiku was sumelang. Aja – aja mas Yanto nindakake beb – bab nalisir sasuwene aku ngandhut ? Dumadakan ponang jabang bayi mancal wetengku ndadekake ambyaring lamunanku kang ngambra –ambra.
Alon alon aku ninggalake kursi teras jumangkah mlebu omah. Wetengku saya kenceng. Aku pringisan ngempet lara. Entuk telung jangkah aku mandheg. Dheg. Banyu bening ndlewer ing sauruting pupuku. Dakgrayangi bokongku teles kebes kaya bocah ngompol. Sanalika aku mbengok, “Ibuuu........”. Gita gita Ibu methuki aku kang ngadeg nggejejer nekem weteng. Tanpa kakehan pandangon Ibu banjur nuntun aku lan dilungguhake ing kursi tamu.
“Wis Ndhuk, saiki budhal menyang rumah sakit. Sajake wis nyedhaki lairing jabang bayimu. Entenana sedhela daksalin klambi lan njupuk barang – barangmu. Akeh – akeh olehmu ndedonga marang Gusti Allah muga – muga kabeh diparingi slamet wilujeng, Ndhuk, “ ngendikane Ibu karo ngemuk – emuk pundhakku.
Aku manthuk, ora kumecap. Lambeku kanthil ora bisa menga. Nanging atiku tansah ndremimil nyenyuwun lan pasrah marang sing Maha Kuwasa.
Tekan rumah sakit aku langsung digawa ing Ruang Bersalin. Dhokter Puspito mriksa kahananku. Piranti peso gunting lan ubarampe liyane disiapake dening perawat. Atiku miris weruh sesawangan iki. Wetengku saya lara. Lara kang ora bisa diwedharake nganggo ukara. Ya Allah............ngene rasane ibuku nglairake aku telu likur taun kepungkur ? Dina iki aku ngrasakake dhewe. Kelingan kabeh luputku marang ibuku. Nyuwun pangapunten sedaya lepat kula , Bu.......Dina iki nyawa rasane kaya pedhot – pedhota. Nanging aku kudu mbudidaya, slamet awakku slamet anakku kang daklairake. Aku ngrintih.......ora isin ngumbar swara. Laraku saya akeh. Dhokter lan perawat paring aba- aba unjal napas lan ngeden rosa.
Cenger ..........sepining wengi pecah dening swara tangis bayi. Puji syukur ngagungake asmaning Gusti Allah ora uwal saka lambeku. Bayi wadon enggal ditulungi lan diresiki dening perawat. Tuwuh pitakonan piye kahanane bayi kang daklairake mau ? Daktakonake marang Dhoktere bab iku, wangsulane gawe leganing atiku.
Sawise resik bayi abang diselehake ing jejerku. Dakrangkul dakaras anakku kang nangis kekejer luru banyu susu. Kanthi kebak asih tresna dakelus – elus anakku kang lagi nyusu. Ora krasa luhku ndlewer amarga rasa kabagyan kamulyan ngrenggani dhadha. Awit dina iki aku rumangsa sampurna minangka wanita.
Ora let suwe Ibuku rawuh diiring Mas Yanto. Eseme priyayi loro ndadekake swasana wengi iku saya endah. Bayi dibisiki swara adzan dening Bapake. Kanthi tenger : DANASTRI , ing pangajab dadi bocah solihah mengkone. Bayi abang irunge kaya bapake , digegadhang bisa mikul dhuwur mendhem jero asma wong tuwane.**091208**





2 komentar:

SMARSA mengatakan...

aku gak isa basane

shahnaz mengatakan...

rekasa ya dadi wanita , nanging mulyo