Rabu, 24 Juni 2009

Pengalaman pribadi


Lelungan mligine ing papan wisata prayogane ngajak kanca kang wis paham karo obyek wisata utawa nyewa tour leader.Aku duwe pengalaman kang ana gegayutane karo tulisan iki. Nalika aku nekani Tamansari ing Ngayogyakarta karo kulawarga tanpa pemandu wisata , rombonganku mung nyawang papan papan kang ora sabaene tanpa mangerteni guna paedah lan thek kliwering panggonan mau. Bareng ngajak Pemandu banjur dijlentrehake sakabehane ngenani papan - papan mau. Aku uga bisa nyuwun pirsa bab - bab sing ora dakmangerteni ngenani Pula Cemethi, Sumur gumuling , Kolam lan liyane.
Liya wektu aku lan rombongan lunga ing Curugsewu Kendal banjur mbacutake laku ing Ngebruk Kebun Buah.gandheng anggonku mara tanpa konfirmasi menyang Pengelola Kebun, rombonganku kuciwa amarga kebun durung wancine awoh, dadi mung nyawang gegodhongan lan wit - witan ,ngubengi kebun numpak kreta bayare rada larang, Rp 25.000.Jane ya kepengin ngrasakake enake duren monthong apa klengkeng pingpong lan srikaya anona nanging.....durung rejekine.

1 komentar:

Unknown mengatakan...

ehem... nglencer.. ehem.. oleh oleh a... ehem.........