Senin, 29 Juni 2009

1.SESOTYA ING SELARAMA



Embuh wis ping pira lakuku tekan papan iki. Ngliwati lurung – lurung tanpa benggang dina. Aku nganti apal kabeh kaanan lan warna alam ing kene. Wadhuk Selarama kang banyune bening maya – maya sajak ngawe – awe aku supaya enggal mara saperlu ngaca. Ah ... aku nggresah. Kanggo apa aku ngaca yen ngrumangsani ora duwe paitan rupa. Apamaneh bandha. Klambi bae yen ora diwelasi Bu Guru Maruta ora bisa salin. Kalebu sing dakanggo dina iki. Aku isih eling anyar – anyarane klambi iki diagem mbak Kartika tindak ngrawuhu reuni SMAne biyen, jalaran aku sing didhawuhi nyetrika. Jane klambi iki isih apik warna lan modhele. Mung marga suwek sithik ing lengene, Mbak Kartika ora kersa ngagem. Ya begjaku yen klambi iki tiba ing tanganku. Srengenge wis ndhelik ing gegere Gunung Muria sisih kulon. Ayang – ayange tiba ing wadhuk kaya mata Rahwana. Abang mbranang. Bocah – bocah angon padha nggiring rajakayane kaajak mulih ngandhang. Alon alon aku njangkah turut dalan njunjung dagangan sing durung payu. Mulih.

Tekan ngomah dagangan dakselehake. Banyu kendhi sing tansah nelesi gorokanku rina wengi dakombe nganti entek separone. Ora lali tanganku ngranggeh tela godhog cukup kanggo isi weteng sing sekesuk durung klebon sega.

Bubar adus dhuwit oleh – olehanku nyambut gawe daketung, ana Rp 80.700,00. Aku ngeling –eling dagangan sing payu mau awan. Kipas, dhompet, kalung lan gantungan kunci. Kebeneran dhek mau awan wisatawan sing teka rada reja. Aku ngguyu dhewe kelingan lelakonku dhek mau.

“Sovenir – sovenir................kalung......kipas.............gantungankunci mangga mangga..........,” tawaku marang wong – wong sing andhon lelana ing komplek Wadhuk Selarama. Sing daktawani daganganku sasat padha gedheg. Ana sing karep wae olehe nganyang jan.........methithil banget. Olehe ngundhaki rega saka selawe rupiah. Sabar ... sabar, ngadhepi manungsa sing maneka warna wateke pancen kudu sabar. Dakeling – eling welinge simbokku, ngadhepi wong akeh kudu nganggo esem senajan omongane ngabangake kuping paribasane.

Dakgawa sikilku menyang Balekambang Sapta Rengga. Akeh sing padha mangan enak ing kene. Aku trima ngulu idu. Ing sisih lor bocah – bocah padha mancing iwak sing sumebar ing wadhuk.Ana uga sing langen, numpak motorboat ngubengi Selarama sakulawarga karo ngguyu. Aku melu seneng.

Dakbacutake lakuku tekan lambe wadhuk. Dheg. Atiku mak tratab. Mripat dakucek – ucek sajak ora percaya marang panduluku dhewe. Apa bener sing saksawang iki ? Pangrasaku barang kuwi wujud dhompet. Mengko gek – gek mung godhong garing sing tumiba ing lemah. Aku noleh ngiwa nengen, ora ana wong ing cedhakku. Ngati – ati dakjupuk dhompet mau lan dakbukak ing jero WC. Githokku mrinding. Awakku anyep. Aku nyawang isi dhompet sing kebak dhuwit samono akehe tanganku ndhredheg. Selawase urip aku lagi weruh dhuwit muntel semono akehe. Aku uga durung tau weruh rupa dhuwit kaya ngono, ora kaya sing tau daktampa saka wong – wong. Daksetitekake luwih premati, tulisane angel banget diwaca. Apa mripatku sing ngantuk ? Ana aksara S sing dipalang ($ ). Dakdhudhah maneh isi dhompet luru KTP, nanging ora ana. Sing ana mung kertas sasuwek sing aku ora ngerti tegese. Simbok.....apa iki impenku sing ndaradasihi ? Wingi aku crita yen rembulan mencorong padhang tiba ing pangkonku.

“ Ndhuk, kowe arep nemu kabegjan “

“ Kabegjan apa mbok ? Dodol sedina payu separo iku kapetung begja “

“ Ya embuh, ndedonga bae supaya begjamu luwih saka kuwi ”

“ Ya uwis Mbok , ora kendhat olehku ndonga. Nyenyuwun supaya urip kita ana owah – owahane, bisa mulya kaya tangga kiwa ngomah, sokur – sokur kaya Bu Maruta, sugih , pangkat , suka paring dana “

“ Aja ngono ndhuk, kowe kudu muji sukur ing atase awake dhewe dipercaya wong liya nggawa dagangane tanpa panjer, diparingi kuwarasan Gusti Allah, ngombe banyu kendhi krasa seger,kuwi wis nikmat saka Gusti Allah. Aja ndhangak ,Ndhuk “

Ora, aku ora ndhangak. Aku tumungkul nganti panduluku natap barang sing dakgawa iki. Dakdudut kertas putih sing monyol sithik, jebul foto priya landa. Rambute sing kaya rambut jagung ngawe pundhak. Tangane sing kiwa nyekel tustel. Ing sisih buri katon samodra lan baita kang aneh kanggoku ora kaya sng dakweruhi ing Rembang utawa Juwana. Ing walike foto mau tinulis Honolulu August 11, 1989. Honolulu ? Ngendikane Bu Guru Honolulu kuwi dununge ing Amerika kana, adoh banget saka kene. Apa dheweke wong Amerika ? Banjur kepriye aku bisa ketemu dheweke saperlu menehake dhompete sing tiba ing Balekambang kene ? Luwih becik aku lapur Polisi bae.

Kanthi ati – ati aku metu saka WC. Jangkahku mantep menyang kantor polisi lan kandha apa anane ngenani kedadeyan mau. Sithik – sithka aku ora wani goroh. Aku wedi, kelingan sesorahe Kyai Baedowi jare wong goroh bakale manggon ing intipe neraka.

Bubar lapur aku bali ider dagangan maneh. Dakjujug grombolan bocah – bocah sekolah sing lagi mudhun saka bis “ Pahala Kencana” . Ora lali dakpasang esemku supaya bocah – bocah gelem nukoni daganganku.

“ Iki apa mbak ?” sawijine kenya ireng manis takon karo drijine sing mucuk eri nudingi kalung saka kayu.

“ Ooo menika kalung saking kajeng dhik,” aku sumaur. Banjur dakjlentrehake sisan carane gawe kalung mau sangretiku. Model – model liyane uga dakpamerake, pamrihku supaya dheweke kepincut.

Ora let suwe dhuwit sepuluh ewon wis mlebu sak klambiku. Kanca – kancane sajake kepingin karo sing dituku bocah ireng manis mau.Atiku lunjak – lunjak bungah. Weteng sing kuruk njaluk isi ora dakrasa kepingin daganganku enggal payu. Sidane kipas lan gantungan kunci kadol separo luwih, iki ateges bisa setor Bu Maruta lan sisane bisa kanggo nempur lan tuku endhog.

Dagangan kari sithik.Bauku rada kepenak amarga ora kabotan sanggan. Wah... yen rejeki mili kaya ngene saben dina mbok menawa aku bisa mangan sega kanthi ajeg ora kaseling tela.

Ora krasa mripatku wis abot dakelekake. Lamat – lamat keprungu swara kenthongan ditabuh kaping sanga. Daksawang ing sisihku simbok wis angler. Sajake keselen matun saawan mau. Dakseret sandhal japitku sing wis tipis saka ngisor amben, arep nyebul lampu teplok sing cayane mblirit. Dumadakan keprungu swara wong nothok lawang lan ngundang jenengku.

“ Ndhuk, ndhuk Menur ..apa kowe wis turu ? “

Cetha swara priya. Genah yen iki swarane Pak Maruta ya Pak Lurah desa kene ngiras dadi bendarane simbokku.

“ Inggih Pak, kula dereng tilem,” ujarku. Tuwuh tandh pitakon , ana apa bengi – bengi ngene Pak Maruta rawuh ing gubugku ? wara greneng – greneng ing jaba nuduhake yen Pak Maruta ora dhewekan. Saking kesusuku sandhal sing dakanggo kuwalik ora dakrasa. Dakjupuk cengkal lawang minangka kunci pengaman omahku.

“ Mangga pinarak nglebet Pak ! Wonten kersa punapa dalu – dalu rawuh ngriki ?” Aturku karo mbukak lawang saya amba.

“ Ngene ndhuk,iki mau aku nampa tamu Pak Polisi, jare arep ketemu karo kowe,” ngendikan ngono astane ora lali ndudut rokok saler banjur disumet.

Iki Pak Baskoro Kapolsek kene, lan iki tuan Adam tamu negara saka Amerika ” , ngendikane Pak Maruta nepungake tamu tamuku. Daksawang Pak Polisi mesem karo astane ngajak salaman aku, semono uga tuan Adam. Aku ora ngerti apa luputku nganti diparani priyayi – priyayi agung wengi iki.

“ Manut laporan mau awan kowe nemu dhompet ing kawasan wisata Wadhuk Selarama. Dhompet mau banjur kopasrahake menyang Polisi, amarga dudu darbekmu.Sawise dititipriksa dhompet mau kagungane tuan Adam. “

Daksawang tuan Adam manthuk manthuk sajak mudheng karo sing dingendikakake Pak Maruta.

“ Tuan Adam iku ilmuwan Amerika kang nganakake panaliten Biologi ing sakupenge Gunung Muria kene. Tuan Adam rumangsa seneng bisa nemokake dhompet maneh, amarga dhompet mau isi dokumen penting banjur kepingin tepung karo sing nemokake dhompete mau !” ngendkane Pak Maruta maneh.

“ Sawise dicritani ngenani awakmu lan kulawargamu Tuan Adam kepingin maringi bebungah ”

Tekan kene ngendikane Pak Maruta aku mudheng ancase tamu – tamu agung rawuh rene.

“ Mula sesuk kowe jam 09.00 teka ing bale desa saperlu nampa bebungah saka Tuan Adam. Iki kabeh minangka tandha panuwun dene dhokumen – dhokumen lan dhuwit sing disimpen ing dhompet ora ilang “

Krungu tembung – tembung mau sanalika lambeku ora bisa kumecap.Aku mung bisa manthuk karo muji sukur konjuk Gusti kang Kuwasa. Luhku mili nelesi pipi. **211094**

2 komentar:

SASTRA DAN BAHASA mengatakan...

Dipun tepangaken,kula guru smp saking kec. bangil, kab. pasuruan. kula asring nulis, ning ingkang kathah wujud artikel. wujud cerkak kados crita panjenengan dereng patos saged. mugi ing tembe kawasisan panjenengan anggenipun crita saged nenulari.(karti tuhu utami, smpn 1 bangil- pasuruan)

rayready mengatakan...

wahh , pengen mrana :D ogak ajak ajak seh :s