Sabtu, 27 Juni 2009

Wanita Prakosa

Ngrugokake pawarta saka TV beritane warna warna. Durung lerem kabar Manohara disusul Cici Paramida. Keterak maneh kabar Marcella Zalianti kang bisa mesem amba sawise nginep ing kunjara. Sing ngayemake ya kabar Mbak Prita Mulyasari kang uwal saka dakwaan Jeksa saka tuduhan nyebar pawarta ala marang RS Omni Internasional Tangerang. Wong ayu – ayu lagi ketaman rubeda.
Dibutuhake ati tatag kanggo ngadhepi sakabehing panandang. Panganggep wanita minangka manungsa kang ora duwe daya sakal sirna. Apamaneh nyumurupi tandange Ibu Daisy Fajarina iya ibune Mbak Manohara.Wanita Prakosa rumangsaku.Wani ngumbar swara miyak wewadi kang dirasakake putrine. Kamangka kang diadhepi sawijining Priyagung, saka nagara manca sisan. Ora saben wanita duweni kuwanen kanggo nywara. Wanita prakosa liyane ibu Suciwati. Ora kendhat anggone ngupadi kaadilan kanggo nemokake sisik melik tiwase kakunge, Mas Munir. Isih akeh wanita prakosa liyane kang daksumurupi.Ibu Megawati Soekarnaputri lan Ibu Chofifah Indar Parawansa umpamane. Asma loro iki moncer ing jagading politik kang didominasi kaum priya. Mongkog nyawang priyayi loro iki anggone ambyur lelumban ing donyaning politik kang rumangsaku ruwet mbulet. Sanajan kasoran ing pemilihan presiden 2004 apa gubernur jawa timur nanging semangat juang lan intelektualitase pantes didadekake tuladha generasi mudha.
Nanging sing paling akeh yaiku para wanita prakosa kang sanyatane pancen “ prakosa”.Niba tangi rina wengi ngupaya upa nyukupi kabutuhan kulawarga ing negarane dhewe utawa menyang nagara manca kang ora cilik resikone...................dipilara, diprawasa .......apa diperjaya.270609

Tidak ada komentar: