Senin, 03 Oktober 2011

KEMBANGE PANGURIPAN

tresna
bisa ngundhakake lan nikelake samubarang rasa
duhkita
cuwa
turida


duhkita kang dadi kembanging panguripan
daksuwun kaya sepur kang playune pindha dioyak setan
enggala mrangguli stasiun
ganti gumanti penumpang lan bakul asongan

cuwa kang dadi kembanging panguripan
dakajab ora lestari sumimpen primpen
bisaa kaya banyu kali
mili..............

turida kang nggedhor-nggedhor dhadha iki
daksuntak mawa reroncening kekembangan  rerakiting tetembungan
supaya sliramu ngerti
aku ora kuwawa nandhang lan nyandhang
tresna kang kosawurake biyen kae
ngrembuyung  tumeka dina iki

asmaradana kang kotembangake lamat lamat
saya cetha keprungu ing kupingku
muga ora nuwuhake dahuru
mring  aku 
mring sliramu *



Tidak ada komentar: