Selasa, 08 November 2011

Demam IC


       Mulih sekolah tas diuncalake. Wiiing  Tiba ing ngarep TV. Bubar kuwi cepet-cepet mbukak kaos kaki lan nyopot sepatu.  Ora beda uga banjur diuncalake. Saiki tiba ing sisih kursi makan. Karo bengok – bengok dheweke banjur celuluk……..
“ Cepeeet. Aku ngeliiiih Endi piring  lan ngombene.Selak ngelak iki lhooooo. Ndang gelis  selak aku matiiiii”
Ibune kang isih repot ana pawon mung ngelus dhadha.Ing jero ati tansah nyebut nyuwun tambah kesabaran lan kekuwatan ngadhepi anak  lanange  kang kalakuwane kaya mangkono

“ Iki ngger cah bagus. Dipangan ya ngger, nanging sragam sekolahe  dicopot dhisik . Kuwi TV ne wis wiwit siyaran Idola Cilik.Artis  Idolamu sedhela maneh nyanyi. Isin lho nonton Idola Cilik during salin sragam “ pambujuke ibune
“ Iya .nanging dulang Ibu lho ya…”wangsulane anak lanang karo aleman. Tangane ndudul remot mbanterake siaran TV
“ Buuuu Okky Lukman tampil karo Lintar lan Rio, Bu. Aku kepengin bisa tampil ing Idola Cilik kaya Lintar !”
“ Iya, nanging kudu sregep latihan nyanyi ora kok bengak bengok bae !”
“ Kan latihan olah vocal, Bu “ wangsulane anak lanang ora gelem kalah
Ibune mesem., ngerti karepe anake geneya keri keri iki kerep bengak-bengok.*nung*

Tidak ada komentar: