Jumat, 06 Februari 2015

Lelungane Lalita

.

Ping!!!  Keprungu swara HP muni saka ngisor bantal. Ora pati seru nanging gawe kageting  Kumala. HP diranggeh  lan dibukak isine apa lan saka sapa .Katon Lalita  posting foto foto selfiene , nggaya melet lan drijine loro diacungke dadi aksara “V” .Ing mburine katon reca endhas singa  putih ngutahake banyu saka cangkeme sacedhake gedhong -gedhong sundhul langit. Polatane  Lalita katon sumringah ,  mesthine  seneng banget  bisa nglencer ing manca negara gratis. GRATIISSS!!!!
Liya wektu ana update status saka Lalita. Rindu kalian di kampung Lee Kuan Yew. Wah komentar kanca -kancane rame banget , uga sing ngeklik “Like”. Sajrone seminggu iki apa bae postingan  foto lan update status saka Lalita banget diantu kanca kancane. Kaya kaya dadi sesulih crita lan guyune.
Esuk kuwi Lalita sekolah kaya padatan. Nalika pelajaran biologi, Bu Warni nerangake bab metamorfosa nengsemake banget. Ing  layar proyektor gambar-gambar video pembelajaran  kewan maneka warna nuduhake proses metamorfosa , nggugah kesadarane para siswa marang kuwasane  Sing Maha Kuwasa.
“ Jebul ngono kuwi ya prosese kupu , saka uler  kruget-kruget dadi  enthung , aku ra tau nggatekna  kuwatir yen gatel kena uler,” omonge Lalita karo kirag-kirig sajak gilo.
“ Oalah Ta, bocah  gedhe wedi karo uler, ngisin-isini . Ra sumbut karo dedegmu  ”, saure Kumala marang Lalita semu ngece.
Surya  sing kawit mau telap telep  mangan bakwan  ngrogoh sak nyambung  ,“ Iki lo Ta, tampanana bakwan saka aku “
Lalita nampani barang sing diuncalake Surya. Sanalika  mbengok lan mlayu gidro gidro. Kabeh sing meruhi padha ngguyu kepingkel -pingkel bareng weruh sing diuncalake Surya mau uler karet  olehe nggawa saka omah. Rumangsa dijaili Surya, Lalita melu ngguyu lan nggablogi gegere Surya. Wiwit kedadeyan iku Lalita banjur thukul kuwanene nyenthok lan ngematake sawernane kewan lan tetuwuhan ciptane  Hyang Maha Agung. Luwih jero maneh dheweke saya  sengkud nyinau panguripane sato kewan lan tetuwuhan ing sakiwatengene.
Bu Warni pirsa kemajuan sinaune   Talita ing pelajaran Biologi  banjur njurung lan maringi semangat. Buku –buku ilmiah kagungane diampilake marang  Lalita. Saben saben ana wektu longgar Lalita sowan lan diskusi karo Bu Warni bab iki.
Sawijining dina Bu Warni nimbali Lalita. Ngendikane ana seleksi Olimpiade Biologi tingkat kabupaten sasi ngarep. Sing lolos seleksi kabupaten dikarantina 2 minggu ing Balai Diklat Kabupeten bareng karo peserta saka  mata pelajaran liya kanggo persiapan tingkat propinsi. Pemenang tingkat propinsi diparingi bebana saka sponsor mlaku- mlaku ing Singapura nekani BonBin lan museum Biologi ing kana.
“Lalita, iki ana kalodhangan kanggo neter kawruh lan kabisanmu. Dicoba bae mesthi dadi pengalaman kang aji  kanggomu, lan kanggo Bu Warni dhewe.Dakkira isih ana wektu kanggo ngungkal lan ndhudhuk sesurupanmu, kaprigelanmu, kawasisanmu”.
“Nuwun sewu,  Bu. ampun  kula. Lare ingkang bijinipun langkung  sae mawon  kathah, panjenengan malah ndhawuhi kula” wangsulane Lalita rumangsa minder.
“Iya, nanging Bu Guru kagungan tetimbangan liya. Prestasimu saya manjila. Senajan peringkatmu ing sekolah dudu sing paling dhuwur nanging prestasimu ing wulangan Biologi paling onjo. Wis ora sah mamang maneh, dakkira bapak ibumu ning dalem  mengko seneng yen awakmu matur bab iki, mesthi nyengkuyung putrane sing ayu dhewe, ngono”, bu Warni ngendikan karo mesem. Manis banget.
Sidane Lalita legawa nampa dhawuh saka Bu Warni. Bapak Ibu uga njurung lan paring semangat kanggo ngadhepi olimpide iki. Susu anget campur madu wis  sumadya sadurunge  mapan turu. Ibu pirsa yen sinaune saya abot, mula gizine dicukupi. Dina - dina bacute nggawe Lalita saya kleleb ing jagad anyare, jagad ilmiah.
“Wah, sepi ya  rujakan iki ra ana Lalita. Biasane dheweke sing paling heboh.” ujare Kumala
“Ya, dheweke lagi semedi , golek wangsit. “ saure Surya.
“Eh, iya, Lalita endi kok ora ketok? Mau dak SMS  dakkon kumpul rujakan iki mau ra diwangsuli , mangka wis terkirim. Bocahe ya ra tau chattingan ki. Geneya ?”  Wibawa miterang.
“Wis dakkandhani, Lalita lagi semedi ra ngandel. suk nek wis bar semedi dheweke mlungsungi. Titeni wis !” Surya nyambung omongane Wibawa karo molo- molo nyokot timun.
“Omong tenan ki, ana apa karo Lita ?,” swarane Wibawa seru. Dheweke  rada muntab krungu omonge Surya.
“ Hahaha, ora sah emosi, ki lho dhondhong dulitna sambel, enak pol “ , Surya isih ngece Wibawa. Pancen Wibawa rada mambu ati marang Lalita, nanging Lalita ora nglanggati. Surya ngerti bab iki. Kumala sing lagi ngiris bengkowang sakala mandheg. Kuwatir  guyonane Surya dadi ngambra ambra banjur ditengahi.
“Kanca-kanca, Lalita sawetara iki ora bisa melu runtang-runtung karo awake dhewe. Wektune dianggo konsentrasi ngadhepi olimpiade Biologi sasi ngarep. Dheweke kudu ngorbanake wektu dolan grubyak-grubyuk  murih bisa kasil ,kanggo masa depane. Mula yen ana sms lan telpon saka kanca- kanca ora diangkat lan diwangsuli amarga HPne disimpen Ibune. Aku bisa komunikasi karo dheweke nunut nomere Ibune. Mesthi bae ora bisa  sawayah-wayah anggonku kirim, tur ora bisa sakepenak kaya yen dicekel Lita dhewe. Nanging rapapa pancen iki  perjuangane Lalita, mesthi ana sing dikorbananeke. Dongane wae saka  kanca kanca supaya dheweke bisa kasil “ . Wibawa managgut manggut krungu ukarane Kumala mau.Jero ati ndongakake Lita bisa maju lan kasil dadi  juarane.
Nganti tekan titiwanci olimpide dianakake. Usaha lan donga  Lalita, para kanca , guru lan wong tuwa ana asile. Lita kasil dadi juara siji. Ateges kudu mlebu karantina ing Balai Diklat rong minggu suwene kanggo maju ing tataran propinsi. Saya suwe anggone pisah karo kanca-kanca , saya nunjem sinaune. Sejatine Lita kepingin  kumpul karo Kumala, Surya lan liyane. Nanging tumpukan buku lan latihan presentasi ngawe -ngawe ora bisa ditinggalake. Kaya-kaya ilang kamardikane , nyawang akehe materi pelajaran kang kudu disinaoni.
Saiki dheweke ngundhuh asile. Dadi juara tingkat propinsi gawe mongkog kulawarga lan sekolahane. Pengalaman anyar ing panggonan anyar ndadekake tambah percaya dirine. Negara manca kang ora tau dientha-entha anggone ngambah wis dijajah pojok-pojok kuthane. Kaya ngimpi. Nanging iki kasunyatan. Kabeh iki digayuh nganggo perjuangan, apa gratis miturut panjenengan ? **

Tidak ada komentar: