Minggu, 08 Februari 2015

SEJARAH SASTRA JAWA

Kasusastran  PeriodeJawa Baru ( Jaman Demak- Surakarta Awal tahun 1500-1700  )
a.  Jaman Demak  (tahun 1500-1600 )
Nalika mumbul-mumbulipun jaman Majapait,ing tanah Jawi kadugi sampun wontên tiyang agami Islam dhatêng saking mancasatunggal kalih. Saya dangu saya kathah, nanging taksih sami manggèn wontên kitha dagang ing pasisir, upaminipun Tuban, Sidayu, Grêsik.
Tiyang Islam wau kajawi among dagang,ugi nyambi nglêbêtakên agaminipun. Ing sakawit namung angsal tiyang alit kemawon. Dangu-dangu wontên priyantun satunggal kalih ingkang lumêbêt agami Islam.
Majêngipun agami Islam wontên ing tanah Jawi, punika kêsarêngan jaman ura-uru ing salêbêting karajan Majapait, satêmah suda kêkiyatanipun, wasana risak babarpisan. Ing nalika punika para – intelektual
Jawi saya kathah ingkang lumêbêt agami Islam; kilap saking korup utawi saking kapêksa pados sandhang têdha, punika sami kemawon. Ingkang makatên wau anjalari para intelektual ngêmpal wontên ing ulêkaning agami Islam, ingkang dangu-dangu dados ulêkaning pangawasa, satêmah dados pusêring kabudayan Jawi Islam. Ing sasampunipun makatên  lajêng thukul sêrat basa Jawi ingkang isinipun bab Islam.
Kasusastran Jawa jaman kuna lan jaman pertengahan  ingkang  kathah wujud kakawin lan sekar . Dene
kasusastran Jawa baru wujudipun  suluk, wirid , piwulang, babad. Wonten ugi primbon. Bab punika awit saking pengaruh lumebeting agama Islam kalawau.
Ing jaman Demak, tugasipun para Sunan lan Sultan punika kejawi ngasta pusaraning praja ugi mangarsani/ mimpin tumrap mekaring agami Islam
Sêrat- serat ingkang lair ing jaman punika  kasêbut nama:
1.Suluk Sukarsa anggitan Sunan Bonang
Sêrat punika basa Jawi têngahan mawi sêkar, nanging sêkar cara kina, sêkar çloka, lampah wolu-wolu kaping 4, sampun mbotên mawi guru lagu. Mênggah ingkang dipun cariyosakên, bab mistik.
2.Suluk Wujil anggitan Sunan Bonang
Sêrat punika ngêmot wêjanganipun Sunan Bonang dhatêng pun Wujil, tiyang cebol ingkang dipun cariyosakên tilas kalangênanipun ratu ing Majapait.
3.Suluk Malangsumirang anggitan Sunan Panggung
Nyariyosaken Sunan Panggung nalika lumêbêt ing tumangan (latu kangge pati obong), minangka paukumaning paprentahan nagari ing Dêmak, saking anggènipun angrisak sarak Isinipun Suluk Malangsumirang punika kawruh kasampurnan, mawi nyêmoni tiyang ingkang anggondhèli sarak. . Punapa inggih makatên sayêktos, punika namung kasumanggakakên.
4.   Sêrat Nitisruti anggitan Pangeran Karangggayam nagari Pajang
Sêrat punika wontên ing jaman Surakarta kala 50 taunan kêpêngkêr, misuwur sangêt. Mênggah isinipun inggih piwulang kasaenan. Ing wiwitanipun sêrat punika wontên titimasa taun 1534, taksih ugi
taun Çaka (1612 taun Masehi). Limrahipun Nitisruti punika dipun wastani damêlanipun Pangeran
Karanggayam, ing nagari Pajang.

5.   Sêrat Nitipraja anggitan Sultan Agung
Sêrat punika kenging dipun wastani adhinipun sêrat Nitisruti. Mèh sabarang-barangipun ingkang dipun tiru
Nitisruti. Dalah isinipun inggih kathah èmpêripun; wosipun wulang dhatêng para luhur ing nagari, bab pangulahing praja saha angêmong dhatêng tiyang alit.
6.   Sêrat Sewaka
Sêrat punika isi piwulang dhatêng tiyang ingkang ngèngèr. Yèn kapêthik wiwitanipun kemawon sampun sagêd cêtha dhatêng kajênging piwulang wau. Sêrat punika mawi angka taun warni sêngkalan: jalma paksaka wayang buwana = 1621 utawi 1699 taun Masehi; inggih punika jamanipun Sinuwun Mangkurat, ingkang raka Sinuwun P.B.I (Pangeran Pugêr )
7.Sêrat Menak
Nalika agami Islam sampun lumêbêt ing tanah Jawi, cariyos-cariyos Islam ugi lajêng tumut malêbêt, ingkang kathah mawi mampir dhatêng basa Malayu rumiyin. Nanging lêbêtipun satunggal-tunggaling sêrat wau botên kasumêrêpan têrang kala punapa. Namung sêrat Menak, punika kenging dipun têmtokakên bilih kala jaman Mataram sampun dados sêrat basa Jawi.
Mênggah babonipun sêrat Menak punika cariyos saking tanah Pèrsi; kadadosakên sêrat basa Malayu rumiyin, nama Hikayat Amir Hamzah, lajêng sawêg kajawèkakên dados sêrat Menak wau.
8.   Sêrat Rêngganis
Ingkang dipun cariyosakên: wontên satunggaling pandhita tapa wontên ing rêdi Argapura; sang pandhita wau kala rumiyin jumênêng nata wontên ing nagari Jamineran. Sarêng kagungan putra putri satunggal, kaparingan nama Dèwi Rêngganis; botên dangu garwanipun seda, sang prabu lajêng tilar kaprabon.
9.   Sêrat Ambiya
Sêrat Ambiya punika ingkang dipuncariyosakên, nalika Gusti Allah wiwit nitahakên dunya. Ingkang dumados rumiyin: cahya lajêng kênthêl dados sêsotya, lajêng dados toya, lajêng unthuk; unthukpunika ingkang lajêng dados langit pitu, bumi pitu. Makatên salajêngipun,lajêng mratelakakên nalika Nabi Adam dipun damêl; dumadosipun Ibu Kawa; iblisanggodha, salajêngipun  Bapa Adam kaliyan Ibu Kawa tumurun dhatêng dunya, lajêng pêputra sabên sawêdalan dhampit. Sarêng putra-putra sampun sami diwasa, karsanipun Nabi Adam, ingkang awon angsal ingkang sae; ibu Kawa botên nayogyani; karsanipun ingkang awon angsala  ingkang awon, ingkang sae angsal sae. Nabi Adam kaliyan Ibu Kawa darêdah anjalari miyosipun Nabi Sis tanpa ibu.
b.  Jaman Surakarta Awal ( tahun  1700 an )
Nalika jaman Surakarta awal punika ing bab kapustakan kenging kabage dados kalih  perangan.
·  Ingkang perangan satunggal kenging dipun wastani pêmbangun, Ingkang kawastanan pêmbangun punika: sêrat-sêrat kina dipunjarwakakên mawi sêkar macapat
·      ingkang perangan kalih kenging winastan: andamêl sêrat enggal.

b Anggitan R.Ng. Yasadipura I
ü  
Sêrat Arjurawiwaha
ingkang anjarwakaken Kyai Yasadipura
I.  Sêrat punika purwakanipun sêkar
Dhandhanggula. Sêrat punika basanipun langkung sakeca katimbang sêrat yasan
dalêm ingkang Sinuwun P.B. III.
ü
Sêrat Bratayuda.
,
saking anggènipun anjarwakakên sêrat
Braratayudha. Mênggah caranipun anggènipun anjarwakakên, inggih botên bèntên
kaliyan kala anjarwakakên sêrat Ramayana. Inggih kêrêp namung dipun gagapi,
mawi dêdugi lan prayogi. Namung sarèhne sêrat Baratayudha punika langkung ênèm
katimbang sêrat Ramayana, dados basanipun inggih radi langkung gampil katimbang
basanipun sêrat Ramayana. Awit saking makatên, Kyahinipun anggènipun anggagapi
dados mbotên patos grayung-grayung sangêt.
ü
Sêrat Panitisastra.
Sêrat punika ing sajatosipun sêrat
Nitisastra dipun damêl ing basa jarwa. Layang Panitisastra iki dhèk taun 1725,
taun Masehi 1798 sangka basa Kawi didadèkake basa Kawi miring. Banjur dhèk taun
1735, taun Masehi 1808, disusuli sing Kawi Jarwa. Barêng taun 1746, taun Masehi
1819, digawe ing basa gancar dening Radèn Panji Puspawilaga, nanging ora pati
titi.
ü
Sêrat Dewaruci Jarwa
Kyai Yasadipura  inggih anjarwakakên sêrat Dewaruci, sakawit
namung cêkak sangêt, dipun icali ngèlmonipun, wontên ing sêrat Pasindhèn
Badhaya, ing karaton dalêm Surakarta
ü
Sêrat Menak
Sêrat Menak Yasadipuran punika inggih
sêrat Menak Kartasura, basanipun saha kêkidunganipun dipun wangun malih dening
Kyahi Yasadipura, dados sêrat ingkang miraos
sangêt. Nanging tumrapipun ing jaman samangke, jaman ingkang kêdah
enggal-enggal, jaman "tempo itu uwang", tiyang maos sêrat Menak
sampun kathah ingkang botên gurnan. Saya malih sadhèrèk nem-neman.
ü
Sêrat Ambia Yasadipuran
Serat punika mawi
sêngkalan: janma tri goraning aji = 1731 taun Jawi.
ü
Sêrat Tajusalatin
Sêrat punika
babonipun sêrat basa Malayu nama: MAHKOTA SEGALA RAJA-RAJA dipundamel damêl ing
basa Jawi, mawi sêkar macapat, mawi angka taun Hijrah 1139, taun Jawi 1726
ü
Sêrat Cêbolèk ( Kyai Yasadipura I )
Sêrat punika
nyariyosakên lêlampahanipun Kaji Mutamangkin, karan Ki Cêbolèk, anggènipun
ngrisak sarak: ngingah sêgawon sapanunggilanipun. Lajêng dipun gigat dening
para ngulama satanah Jawi, dipun pangagêngi kêtib anom ing Kudus. Prakawis
katur dhatêng pradata ing nagari Kartasura, jumênêngipun Ingkang Sinuhun P.B.
II. Putusanipun Ki Cêbolèk dipun ngapuntên, sarèhne sampun tobat, saha kawon
bantahipun kaliyan Kêtib Anom Kudus.
ü
Sêrat Babad Giyanti
Sêrat punika ugi
karan Babad Palihan Nagari. Ingkang dipun cariyosakên: sasampunipun kraton
pindhah dhatêng Surakarta, sabab ing Kartasura dipun risak ing Cina, Pangeran
Mangkubumi mêdal ngraman, awit lênggahipun siti dipun suda kathah sangêt,
lajêng pêrang mêngsah kraton Surakarta. Salêbêtipun pêrang Pangeran Mangkubumi
dipun suyuti ing para pangeran sanès-sanèsipun, ingkang sami botên narimah
panggalihipun.  Punapa dene Pangeran
Mangkunagara (Sambêrnyawa) inggih suyut, dipun dadosakên senapatining prang.
Patraping prang
Pangeran Mangkubumi sarana nêluk-nêlukakên tanah mancanagari saha pasisir. Ing
salêbêting prang Pangeran Mangkunagara misah saking Mangkubumèn, malah dados
mêngsah. Wusananing prang, tanah Jawi lajêng kapalih. Pangeran Nangkubumi[10] jumênêng nata wontên ing tanah Mataram,
kanamakakên kraton Ngayogyakarta, ajêjuluk Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana
I.Punggawanipun Kangjêng Sultan ingkang pêng-pêngan, punika K.G. Mangkunagara,
kala dèrèng misah; Adipati Pugêr (Martapura), Tumênggung Prawiradirja,
Tumênggung Suryanagara (Suwandi) lan sanès-sanèsipun. Saking pamrayoginipun
Kumpêni, ingkang kala samantên ambantu dhatêng kraton Surakarta; Pangeran
Mangkunagara kapurih têluk dhatêng Surakarta; kalampahan, lajêng jumênêng Mangkunagara
I. Bibaring prang sampun jamanipun Sinuwun P. B. III.
ü
Sêrat babad Prayut
Sêrat babad Prayut
punika lêlajênganipun sêrat Babad Giyanti. Dados ugi yasan Yasadipuran. Mila
karan nama Prayut, amargi nyariyosakên sasampuning sirêp pêrang Gianti, lajêng
garwanipun K.P.H. Mangkunagara, asma Ratu Bandara, putranipun Kangjêng Sultan
ing Ngayogya kapêgatakên, saking karsanipun K. Sultan. Nuntên dados pêrang
alit-alitan. Corok-cinorok siti bawah Ngayogya lan Surakarta. Nanging lajêng
sirêp saking karukunakên dening para luhur kaliyan gupêrmèn.
b.     
2  Anggitan R .Ng
Yasadipura II
ü
Sêrat Arjunasasra utawi Lokapala .
Sêrat Arjunasasra
punika botên mawi sajarah, tur cariyosipun Sugriwa Subali inggih mbotên wontên
awit ing babonipun inggih pancèn mbotên wontên. Namung ing ngriki Rêsi Wisrawa
sampun dipun damêl anglampahi tindak awon; dipun kèngkèn ingkang putra 
ü
Sêrat Darmasunya
 Dene babonipun, inggih sêrat Dharmasunya.
Dharmaçunya punika basanipun sampun sawatawis    risak,   dados suraosipun inggih
kathah ingkang pêtêng.
 Sêrat ingkang kados
makatên wau kadadosakên basa jarwa mawi sêkar macapat, dening kyahinipun,
ingkang sagêdipun dhatêng basa Kawi namung sawatawis.
ü
Sêrat Sasanasunu ( Kyai Yasadipura II )
 Mênggah isinipun, piwulang lampahing gêsang
Jawi Islam kala jamanipun Kyahi Yasadipura piyambak. Piwulang wau kabage dados
12 bab; inggih punika:
1.
yèn tinitah dados tiyang dening Allah.
2.
yèn pinaringan sandhang têdha.
3.
yèn anggènipun pados sandhang têdha wau mêdala saking tapak tanganipun.
4. yèn saking
dhawuhing Allah kadhawuhan Islam, manut Kangjêng Nabi Mohammad s.a.w.
5.
bab pangangge lan pakarêman.
6.
bab lampahipun tiyang mêmitran, kêkancan, sasaminipun.
7.
bab nêdha, tilêm, lumampah, kêkesahan.
8.
bab angurmati tamu.
9.
bab wêdaling catur utawi wêdaling pikiran.
10.
bab dados tiyang agêng punapa dados tiyang alit.
11.
bab sudaning darajat lan gingsiring wahyu, punapa sababipun.
12.
kêdah nyumêrêpi obah-osiking jagat.

ü  
Sêrat Wicara Kêras ( Kyai Yasadipura II )
Namanipun sampun
anêdahakên, Wicara Kêras = catur kêncêng. Têgêsipun ing ngriki kyahinipun
sampun anjêlu, duka, uninga dhatêng kawontênaning nagari Surakarta kala jaman
samantên, anggènipun pating blangkrèh.
Sasampunipun
ngèngêtakên: aja dumèh wong gêdhe ... lajêng ngandika makatên (kacêkak):
Ngaku turun Brawijaya, ora sakti. Ngaku anak pandhita, ora bêtah
ngêlèh. Ngaku anak pujangga, ora wêruh pa siji. Ngaku anak sujana, nalare
liwar. Ngaku anak ngulama, ora bisa ngaji. Ngaku anak cina, ora kucir. Ngaku
anak sèntri[11] ora bisa maca KULHU
ü
Sêrat Babad Pakêpung (  Kyai Yasadipura II )
Nyariyosakên Ingkang
Sinuhun P.B. IV, ngingah tiyang ingkang kaanggêp sêkti, nama Bahman, Wiradigda,
Panêngah kaliyan Kanduruhan. Ingkang makatên wau lajêng dados sanggarungginipun
gupêrmèn, kaliyan karaton ing Ngayogya. Kagalih badhe dados rêribêd. Cêkakipun
ing Surakarta lajêng kakêpung barisan saking Ngayogya, gupêrmèn saha
Mangkunagaran. Ing kraton Surakarta sangêt kuwur, sarta ribêt. Ludhanging
rêribêt sarta bibaring pangêpung wau saking pamrayoginipun para sêpuh ing
Surakarta, kêdah ambêsta tiyang sakawan ingkang kakintên sêkti tur dados
rêruwêt wau.




Tidak ada komentar: