Selasa, 16 Maret 2010

3. KembangeTuru

Wengi iki rasane atiku ora kaya padatan.Rasa was sumelang ngreridhu saranduning badan wiwit mau awan. Sakabehing tumindakku kaya kaya ora kabeneran.Ah ... aku nggresah. Apa bener impen sing ngrenggani turuku mau bengi ? Ujare wong akeh impen mono kembange turu. Yen impen mau impen kang endah lan nyenengake mesthi wae seneng olehe nanggapi. Lha yen impen kang ala utawa isi sasmita sungkawa apa ora gawe susah lan mutawatiri ? Lan iki sing dakalami-.Mbah Kakung sing daktresnani ngalami kacilakan lan dadi korban tabrak lari.

Mbah kakung mono mujudake pawongan kang akeh banget labuh labete ing panguripanku. Panjenengane ngancani lan nyukupi kabeh kabutuhanku saben dinane. Sih katresnane marang aku tanpa wilangan. Bapak ibu sibuk ngurusi pakaryane minangka pejabat ing kantor pemerintah. Pikiranku nyandhak tekan ngendi endi sing paling ala kang bakal dumadi. Daksebut asma Allah kanggo nentremake ati. Dakombe segelas susu kanggo nambah daya amarga saawan aku ora doyan mangan, banjur mapan turu.

Jam lima esuk aku tangi, salat Subuh banjur ngrewangi Mbah Putri masak sambel goreng tahu lawuh kasenenganku.Aku ora nyritakake impenku marang bapak ibu. Simbah putri lan adhiku utawa mbah kakung dhewe. Daksimpen primpen ing thelenging ati lan dedonga muga muga iki mung kembange turu.

Jam nuduhake angka nem punjul selawe menit. Indi kancaku wis teka ngampiri.

“Assalamualaikum. Kula bidhal”, aturku marang wong tuwaku karo ngaras astane.

“ Waalaikumsalam, ngati-ati olehmu numpak pit !” saurane Ibu karo ngelus –elus rambutku. Mbah Kakung wis nyiapake sepedha kang katon gilap rampung dilapi lan niti priksa ban ora gembes, banjur daktumpaki alon – alon bareng Indi.Ora nganti sepuluh menit aku sakloron wis tekan sekolah.

“ Piye kabarmu malem minggu wingi Na ? Sibuk persiapan Olimpiade Matematika Nasional sasi ngarep ?” pitakone Indi rekane dadi wartawan koran lokal.

“ Eh raimu kok katon suntrut, mripatmu rada abang kaya bar nangis apa piye ?” Veni lagi teka langsung takon kaya mangkono.

Kalorone ngajak aku lungguh ing taman sekolah. Daksawang taman kang asri kebak kekembangan endah mawarni. Wit-witan lan sesuketan teles bar disirami tukang kebon katon seger. Pot-pot tumata tharik-tharik ing tritis laborat IPA gawe tentreme pikir ok sapaa sing nyawang. Nanging dina iki sesawangan endah mau rinasa ampang.Dakcritakake kabeh impenku marang kanca raketku amarga aku ora kuwat ngempet. Ora krasa luhku dleweran.

“Wis ta Na,kowe ora perlu susah. Aku yakin iki mung kembange turu bae. Kowe kudu bisa ngilangake pikiran ala, aja nganti dadi pepalang persiapan olimpiade matematika mengko” kandhane Dina ngeyem yem aku.

“Biasane impen ala malah tumuse apik.Yen impen apik malah kosok baline. Aku tau ngimpi masku dadi nganten lan pestane gedhen rame banget. Aku seneng. Nanging bareng dakcritakake impen mau marang bapak ibuku penjenengane malah katon susah. Ora suwe sawise aku ngimpi masku kapundhut amarga kapal sing ditumpaki ngalami kacilakan katrajang gedhening ombak ing Samodra Hindia. Mula kowe aja susah,muga muga iki pratandha kowe bakal kasil ing olimpiade mangko”.Tembung iki gawe tentreming atiku. Matur nuwun Gusti, Panjenengan maringi kanca ingkang saged nglipur kula. Aku sakanca banjur mlebu kelas amarga bel wis muni.

Thok thok thok ! swara lawang kelasku dithothok saka jaba. Bu Anik, guru BK rawuh lan nimbali aku supaya sowan ing ruangane. Tuwuh maneka tandha pitakon ing pikiranku. Bareng aku wis lungguh ing kursi “pasien” Bu Anik ngendika.

“ Rina iki mau ana kabar saka kulawargamu. Mbah kakung ngalami kacilakan nalika nyabrang arep tindak ing toko buku Puas”.

Alus swarane Bu Anik keprungu kaya bledheg ing kupingku. Kelingan wingenane aku nyuwun dipundhutake novel Laskar Pelangi dening Mbah Kakung minangka kado ulang tahunku kang ka 14. Aku rumangsa luput lan dosa gedhe marang Mbah kakung. Ya Allah, impenku kasunyatan ! Sanalika panyawangku dadi kumepyur.Atiku trataban kaya ana tetabuhan. Sawise bisa nata ati aku balik ing kelas saperlu njupuk tas lan pamit mulih. Ora lali aku ngandhani Vina sing lungguh jejer aku.

Awan iki kelas rame banget. Guru basa Jawa ora rawuh amarga penataran ing Semarang. Tugas sing diparingake guru piket ora digatekake dening bocah-bocah klas IX F.

“ Din..Dina ,geneya Rina kok mulih dhisik ?” pitakone Andi karo ndudul gegere Dina. Sing duwe geger noleh lan mangsuli.

“ Mbah Kakunge Rina kacilakan dhek mau” wangsulane Dina.

“ Ooo .Ben lara sing suwe aja cepet mati. Yen wis ngono Rina ora bisa konsentrasi ngadhepi Olimpiade. Cihuiii ... aku bisa ngranggeh posisi utama sing sasuwene iki dilungguhi Rina, iya ta? Andi ngomong karo Dina. Sing dijak ngomong manthuk karo ngacungake jempol tangane.

“Kurang ajar. Duwe kanca atine ana wulune. Yen serik karo Rina ora ngono carane.Ngono kuwi dicakna ning awake !Coba yen sing kacilakan iku wong tuwamu dhewe, apa kowe ora susah ?” Saure Vina karo tuding-tuding drijine ngarah Andi.

Ngadeg nyet Andi nyauri ora kalah sora.

“ Lha sasuwene iki Rina angel banget diasorake. Terus terang kedadeyan iki dadi kalodhangan kanggoku supaya gegayuhanku kasil”.

“ Wong lanang kemangi! Ora sportif ! He rungokna ! aku ora lila saingan prestasi kanthi cara iki. Dakdongakna kowe ora lolos seleksi ing Olimpiade Matematika mengko ! “. Indi sing kawit mau meneng bae nyambung. Sanalika kelas dadi rame .

“ Bocah bocah, ana apa iki kelase rame banget ?” swara manteb keprungu nalika Pak Bambang ngendika. Sanalika kelas malik grembyang kaya kuburan. Ora ana sing mangsuli pandangune Pak Bambang, banjur mbacutake olehe ngendika.

“ Bapak pirsa kanthi cetha wong kawit mau mirsani saka saka jendhela. Sanajan ora kowangsuli Bapak iya wis uninga kang dadi jalarane rame. Andi, Pak Guru gela kowe duwe watak kaya mangkono. Mesthine kowe melu sedhih keluwargane kancamu nampa musibah, amarga kancamu iya sedulurmu. Ayo didongakake supaya kang nandang gerah enggal waluyajati, dene kang bagas waras tansah diparingi kaslametan !”.

“Minangka tandha paseduluran lan ngakoni kaluputan, becike Andi mengko sore tilik simbahe Rina ing rumah sakit Mardi Waras. Gusti Allah kuwi ora sare lan pirsa sakabehing tumindakmu kalebu ucapanmu mau. Dakpujekake Rina lan Andi lolos Olimpiade Matematika lan kasil dadi juara!” ngendikane Pak Bambang.

Kabeh siswa sing krungu padha mesem sajak marem lan nyarujuki ngendikane Pak Bambang.

“ Ven, kowe percaya impene Rina wingenane minangka sasmita saka kang Maha Kuwasa ? “pitakone Indi lirih marang Vena.

“ Ah iku mung kabeneran bae. Muga muga mengko bengi aku ngimpi dadi pacare Nicholas Saputra , sapa ngerti dadi kasunyatan” wangsulane Vena.

Rampung muni ngono bocah loro banjur ngguyu bareng.***280706

Tidak ada komentar: