Selasa, 16 Maret 2010

Soal Ulangan kls VIII

KD: Menulis pengalaman pribadi, Berbicara menyampaikan pesan, menulis ketrampilan hidup

1. Sawise rumangsa bisa ngadeg rodha loro, sepedha dakpancal alon-alon. Atiku seneng banget ngolahi pedhal sepedha. Bel dakunekake banter ngagetake bakul penthol kojek kang lagi dirubung bocah cilik – cilik. Wah... atiku mbedhodhog. Saking senenge ora krasa yen anggonku milih dalan wis ngglewar kliwat dalan aspalan. Aku gugup ora bisa ngendhaleni setang wusana gubraaak.... aku nabrak pagere Pak Darto . Slamete aku ora nabrak bakul penthol. Lha rak mbebayani wong ana kompore barang.........
Tulisan iki minangka pengembangan kerangka ...........
a. Rebutan jajan pasar c. Pentas seni udan deres
b. Andri tiket terusan d. Numpak pisanan nabrak pager

2. Yen ditilik saka ukarane nalika nulis ing dinding utawa komentare pancen wuihhh romantis banget kaya –kaya piyee....ngono. Ditambah foto sing dipasang lagi nggaya . Jan kaya artis Rezky Aditya.Dakwaca infone muni mangkene : Hubungan : .......Mencari : ...... ana kesempatan kanggo PDKT , pikirku.Mula bareng ana kalodhangan ketemu langsung atiku bungah banget. Nanging aku dadi gela bareng ketemu dheweke wis nggandheng wanita.Aku diapusi . Aku banjur ngrungokake MP3 kang nyanyi lagune Ratu : lelaki buaya darat,busyet aku tertipu lagi....
Topik cerita pengalaman pribadi ing dhuwur yaiku...........
a. Korban FaceBook c. Betah ngenet
b. OL asyik d. SMS nyasar

3. Apa kang dialami dening aku ?
a. Kepencut Resky Aditya
b. Ngrungokake lagune Ratu
c. Kepencut pawongan memper Resky aditya
d. Kuciwa marang wong wadon gandhengane kancaku

4. Kepriye pambijimu yen tulisan mau minangka critane kancamu ?
a. Kancaku bodho gampang kapusan
b. Kancaku pengalamane lucu lan dheweke pinter crita ukarane runtut
c. Kancaku kurang pangati- ati bisa diapusi
d. Kancaku gampang kepencut rupa manis tembung lamis

5. Tuladha ukara tanggap ing carita mau kayata ....
a. Dheweke wis nggandheng wanita.
b. Dakwaca infone muni mangkene....
c. Aku banjur ngrungokake MP3 kang muni lagune Ratu
d. Nalika nulis ing dinding ukarane romantis banget

Teks Pacelathon durung sampurna kanggo mangsuli pitakon
Yakub : “Assalamualaikum..”
Mbah Darsa : “ Waalaikum salam “
Yakub : “ Nuwun sewu mbah, ..........6........................“
Mbah Darsa : “ ana perlu pa le ?
Yakub : “ ...............................7......................................”
Mbah Darsa : “ ya mengko dakteka ning nggone Bapakmu !
Yakub : “ ......................8.............................”

6. Ukarane Yakub .................
a. Mbah Darsa kersa rawuh kajatan ?
b. Mbah Darsa mangke rawuh teng nggen bapak kula nggih, enten kajatan
c. Mangke dhateng kajatan nggih mbah
d. Mangke bakda Isya dipunaturi rawuh kajatan wonten dalemipun Pak Kadi

7. Yakub matur .......................
a. saperlu kintun donga sewunipun simbah
b. dolan mbah teng nggen bapak kula
c. nggih kumpul kumpul kalih donga mbah
d. andum berkat mbah...

8. Yakub matur ............
a. wis mbah c. Sampun mbah, matur nuwun.Pareng
b. pamitan mbah d. da da mbah

9. Cengkorongan gawe tulisan ketrampilan urip ngenani Gethuk minangka pangupajiwa
i. Carane gawe gethuk
ii. Carane adol / masarake
iii. Bahane gampang diluru
iv. Akeh kang karem gethuk
Urut-urutan gawe cengkorongan kang mathuk :
a.( ii) (iii) (iv) (i) c. ( ii) ( iv) (i) ( iii)
b. (iv) ( iii) (i) ( ii) d. ( iii) ( i) ( iv) (ii)

10. Tela pohung punika taneman ingkang kathah dipun tanem sedherek tani. Kathah ugi dipunsade ing peken. Upami gadhah pekawisan inggih gampil anggenipun nanem, saupami boten gadhah ugi gampil lan mirah menawi tumbas wonten peken. Setunggal kilonipun watawis Rp 1500 .
Tulisan iku minangka pengembangan kerangka ..............
a. Akeh kang karem gethuk c. Carane gawe gethuk
b. Carane adol d. Bahane gampang diluru

11. Gethuk ingkang sampun siap dipundhahar punika wujudipun mengkal gampil dipuniris tipis-tipis. Anggenipun dhahar dipunwuwuri parutan krambil utawi srondeng. Sinambi ngunjuk kopi wah.... eco sanget dhahar gethuk punika. Gethuk kathah dipun sade wonten peken dipunbungkus ron pisang kawastanan tum/ pincuk / tempelang. Kathah ugi ingkang dipunsade mider urut kampung dening mbak-mbak bakul numpak sepeda wanci sonten.
Tulisan iki pengembangan kerangka ...............
a. Carane adol c. Carane gawe
b. Akeh kang karem gethuk d. Bahane gampang diluru

12. Sing gawe tulisan ketrampilan urip Gethuk minangka pangupajiwa iku bok menawa bocahe .............
a. Senengane mangan gethuk c. Wong tuwane dodol gethuk
b. Omahe cedhak bakul gethuk d. Kabeh bener

Tidak ada komentar: