Selasa, 16 Maret 2010

Soal Ulangan Kls VII

KD : Dialog tentang tempat Umum. Dialog tema ekonomi,membaca wacana

Balapan ing Dalan Lingkar
Restu : “Ngati –ati yen liwat dalan lingkar anyar Yan !”
Rayan :” Geneya ?”
Restu :”Aku wingi meh cilaka liwat kana. Akeh bocah saumuran awake dhewe padha balapan motor ing kana . salah sijine meh nyrempet aku lan bapakku“
Martino :“Ya pancen asyik balapan ning kana .Dalane aspalan mulus .Yen gelem kowe bisa melu grupku besuk Minggu”
Raka :”Iya No, aku gelem melu .Montorku anyar playune banter. Bapakku mundhute sing paling larang ben menang dianggo balapan.Dakampiri balapan ning dalan lingkar ya!”
Restu :”Dakkandhani ya. Dalan lingkar iku dudu arena balapan trek-trekan.Dalan kuwi kanggo liwat kendaraan bermotor lan mbebayani yen koanggo balapan. “
Raka :” Alah padune omongane wong gething merga ora duwe sepedha motor”
Martino :”Yen pengin kowe cah loro dakboncengake.Pokoke asyiik.Wis ta mengko dakampiri lan dakjajakna bakso. Bocah loro ora apa-apa sing penting kompak. Oke!”
Rayan :” Dadi bonceng telu ? wedi aku No.baksone bae aku gelem.” *ng*

Wangsulana pitakon pitakon iki !
1. Sing nindakake pacelathon bocah …………..
a. 3 b.4 c.5 d.6

2. Restu liwat dalan lingkar wektu………..
a. Saiki b. wingi c.mengko d.sesuk Minggu

3. Sing duwe motor anyar yaiku……………
a. Restu b. Rayan c. Martino d. Raka

4. Sing ajak –ajak melu balapan motor yaiku…………
a. Martino b. Restu c. Rayan d. Raka

5. Ukara pitakon kang mathuk kanggo pacelathon mau…………
a. Geneya Restu liwat dalan lingkar ?
b. Pira cacahe motore Raka ?
c. Kapan Restu liwat dalan lingkar ?
d. Sapa sing gawe bakso?

6. Ukara pitakon kang wangsulane : bocah umur laslasan taun yaiku…….
a. Geneya dalan lingkar kanggo balapan motor ?
b. Jam pira anggone balapan ?
c. Kapan olehe balapan motor ?
d. Sapa kang balapan ing dalan lingkar ?

7. Kepriye watake Raka ?
a. gumedhe,sombong b. ngati-ati c. welas asih d. jirih(wedinan)

8. Manut pacelathon mau dalan lingkar kanggone …….
a. kanggo liwat kendaran roda loro c. kanggo liwat wong mlaku
b. kanggo liwat kendaraan bermotor d. kanggo balapan motor lan trek-trekan

9. Manut pacelathon mau sing patut dituladha watake paraga …………
a. Martino b. Rayan c.Raka d. Restu

10. Andharan kang cocog karo wacana ….
a. Rayan kepingin balapan motor ing dalan lingkar
b. Restu ngandhani kancane supaya ngati ati liwat dalan lingkar amarga dadi arena trek- trekan
c. Martino motore anyar regane paling larang
d. Raka kepingin diboncengake motor liwat dalan lingkar

Emir : “ Badhe nabung ngisi blangko ingkang pundi , Mbak ?”
Chyta : “ Sing kelir abang dhik. Bisa ngisi ta ?”
Setyo : “ Saged mBak. Piyambake pun nate ngisi kok”
Chyta :” O ya wis. Diisi lengkap ya dhik.”
Emir : “ Wadhuh aku lali nomer rekeninge Mbakyuku. Mau dititipi Bapakku transfer kanggo mbakyuku sing ning Yogya”
Setya :” Piye leh. Mau ora mbokcathet nomere.Mulih sik kana lho, takon nomere. Saake mbakyumu mesthi wis ngarep- arep kiriman saka Bapakkmu”
Chyta :” Yen kagungan HP bisa SMS dhik. Ora kesuwen . Lha dhuwite lali apa ora ? “
Emir :” Wah iya SMS bapak wae. Niki arta pun kula bekta Mbak.”

11. Pacelathon mau cengkorongan sing mathuk .
a. migunakake transaksi ekonomi ing Bank
b. migunakake transaksi ekonomi ing pasar
c. migunakake transaksi ekonomi ing sekolah
d. migunakake transaksi ekonomi ing rumah sakit

12. Sing ditindakake dening Emir yaiku ………..
a. nabung ing Bank
b. njupuk dhuwit ing Bank
c. nabung lan kirim dhuwit ing Bank
d. kenalan karo teller bank

Demam IC
Mulih sekolah tas diuncalake. Wiiing Tiba ing ngarep TV. Bubar kuwi cepet-cepet mbukak kaos kaki lan nyopot sepatu. Ora beda uga banjur diuncalake. Saiki tiba ing sisih kursi makan. Karo bengok – bengok dheweke banjur celuluk……..
“ Cepeeet. Aku ngeliiiih Endi piring lan ngombene.Selak ngelak iki lhooooo. Ndang gelis selak aku matiiiii”
Ibune kang isih repot ana pawon mung ngelus dhadha.Ing jero ati tansah nyebut nyuwun tambah kesabaran lan kekuwatan ngadhepi anak lanange kang kalakuwane kaya mangkono

“ Iki ngger cah bagus. Dipangan ya ngger, nanging sragam sekolahe dicopot dhisik . Kuwi TV ne wis wiwit siyaran Idola Cilik.Artis Idolamu sedhela maneh nyanyi. Isin lho nonton Idola Cilik during salin sragam “ pambujuke ibune
“ Iya .nanging dulang Ibu lho ya…”wangsulane anak lanang karo aleman. Tangane ndudul remot mbanterake siaran TV
“ Buuuu Okky Lukman tampil karo Lintar lan Rio, Bu. Aku kepengin bisa tampil ing Idola Cilik kaya Lintar !”
“ Iya, nanging kudu sregep latihan nyanyi ora kok bengak bengok bae !”
“ Kan latihan olah vocal, Bu “ wangsulane anak lanang ora gelem kalah
Ibune mesem., ngerti karepe anake geneya keri keri iki kerep bengak-bengok.*nung*

13. Paraga wacan iki……….
a. Okky Lukman lan Lintar c. Ibu lan Okki Lukman
b. Okky Lukman, Lintar lan Rio d. Anak lanang lan Ibu

14. Wektu dumadine crita iki wayah………
a. mulih sekolah c. siaran TV
b. bengak –bengok d. arep mati

15. Ngisor iki wewatekane anak lanang….
a. kesed b. aleman, c. sregep d. setiti

16. Andharan kang cocog karo isi wacan………….
a. Anak lanang kepingin kaya Okki Lukman dadi presenter IC
b. Anak lanang kepingin pinter nyanyi dadi Idola Cilik
c. Anak lanang sregep latihan vocal karo ibune
d. Anak lanang melu audisi Idola Cilik

17. Andharan kang cocog karo isi wacan…….
a. Okki Lukman artis idolane anak lanang
b. bengak – bengok minangka tandha protes weteng ngelih
c. anak lanang duwe pepenginan pinter nyanyi bisa tampil ing Idola Cilik
d. ibu dadi pelatih olah vocal ing idola Cilik

18. Dudutan kang bisa ditarik saka wacan..
a. aja bengak bengok yen mulih sekolah
b. aja nguncalake klambi lan sepatu yen mulih sekolah
c. sregep sinau lan latihan kanggo nggayuh pepinginan
d. kudu sabar ngadhepi anak lanang

19. Amanat cerita mau ………..
a. supaya bisa kasil kudu gladhen lan sinau
b. artis Idola Cilik kudu bisa bengak-bengok
c. Ibu kudu bisa dadi manajer sing apik
d. yen dadi artis mangan didulang

20. Rampungna ukara iki supaya dadi paragraph sing sampurna !

Sekolahku manggon ing Kalidoro. Saben awan akeh sing padha …(a)…..ing ngarep sekolahan. Ana bakul es buah, bakso, …(b)….., martabak, sempolan lan liyane. Anggone padha dodolan nganggo …….(c)…………utawa ditumpakake sepedha / motor. Bab iki …(d)……bakule yen sawayah – wayah pindhah panggonan luru papan sing reja. Pancen luwih praktis tinimbang jaman biyen sing anggone dodolan mung ……..(e) …….utawa digendhong.

Wangsulan : dipikul, dodolan, grobag surungan, batagor, nggampangake


6 komentar:

budies mengatakan...

nunut ngiyup,kaya enak tenan dolanan ing kene

budies mengatakan...

kaya wis sauntara wektu aku ra maca tulisan jawa. saiki nemu tilisan jawa wah jan seneng tenan, matus nuwun mampir

ning nanung mengatakan...

wah enak tenaaaaan, mangga dhahare mundhut dhewe prasmanan mas.bakso batagor , martabak kabeh mak nyossss. Matur nuwun sawangsulipun

ning nanung mengatakan...

@ mas budi : matur nuwun kersa pinarak. kapan kundur Jepara ?

riniintama mengatakan...

Blog nya Kereeeennn lho ! salam kenal dan salam hangat.... semoga menjadi Silaturahmi yang indah... Amin

ning nanung mengatakan...

@ mbak rini: wowww.....makaciihhhhh salam hangat kembali ya