Selasa, 23 Maret 2010

Soal Ulangan Kl VIII

KD: Membaca indah cerkak
Materi : Crita cekak lan tembung garba
Soal

Wacanen kanthi premati cerkak "Kecelik " saka blog iki label Crita Cekak!
Wangsulana pitakon pitakon iki !
I. 1.Sebutna unsur intrinsik cerkak " Kecelik " !
2.Tulisen isi crita cerkak " Kecelik " nganggo ukaramu dhewe !
3.Paringana tuladha warna - warna tembung garba 3 bae !
4. Gawea ukara nganggo tembung garba mau !
5. Sebutake tembung garba kang ana ing wacan !

II. 1. Sapa paraga utama cerkak iki ?
2. Geneya paraga utama ora lunga bareng keluwargane ?
3. Kepriye kahanane ruang tamu paraga utama ?
4. Apa perlune kulawarga padha menyang Tayu ?
5. Kepriye pambijine paraga utama ngenani guru biologine ?
6. Apa kang ditindakake dening paraga nalika tunggu omah ?
7. Kapan tamu teka kirim dhus dhaharan ?
8. Piye sikape paraga yen oleh sega bancakan ?
9. apa bae isi dhus bancakan ?
10. Geneya si Mbak nyuwun pangapura marang ibu ?

2 komentar:

budies mengatakan...

di kasih juga tulisan hanacaraka, tambah sip

Unknown mengatakan...

grup bocah pati :
1. paraga utama cerkak manika larenipun Pak Darto RT1
2.paraga utama mboten kesah kaliyan keluarganipun amarga saliranipun kesel bubar nggarap tes uji UN .
3.kahananipun ruang tamu yaiku resik lan sarwendah
4. Kaperluanipun sowan simban ing Tayu lan tilik bulik sri sing sadalem kalihan simbah babaran mbarep kakung
5. Gurunipun yen maringi tugas ngnyelake banget .
6.kang ditindakake paraga dening tunggu omah yaiku mbukak komputer ngakses internet nggolek materi biologi .
7.tamu teka kirim dhus dhaharan pas badhe penak - penak donlod materi .
8. sikape paraga yen oleh sega bancakan bungah banget lan mboten sabar enggal - enggal ndudah kiriman berkat .
9.isi dhus bancakan yaiku sega , pitik bumbu bali , mi goreng , acar ,lan tempe .
10.si Mbak nyuwun pangapura marang ibu amarga klentu alamatnipun nalika ngirim bancakan