Selasa, 16 Maret 2010

4. KECELIK

Kesel banget rasane awakku sawise patang dina konsentrasi nggarap soal Uji Coba UN ing sekolah .Omah sepi jalaran wong tuwa lan sedulurku padha sowan simbah ing Tayu wiwit mau esuk. Dhekwingi ana kabar bulik Sri sing sadalem karo simbah babaran putrane mbarep kakung, ngiras tilik kawilujengane simbah bubar gerah wingenane.Daksawang ruang tamuku resik lan sarwendah sawise ibu masang pot godhong gelombang cinta, ngganti korden lan masang sarung bantal kursi anyar.Walah jeneng kok gelombang cinta, batinku.Gek gek liya dina ana tanduran aran badai asmara , tomat rebonding, kanggo ngimbangi cabe kriting.

Kanggo ngisi wektu aku mbukak computer, ngakses internet golek materi kanggo nggarap tugas biologi.Wah guruku siji iki yen maringi tugas jiaaaan nganyelake banget.Dupeh fasilatas sekolahku sarwana banjur maringi tugas warna - warna.Pokoke bocah – bocah digawe betah ora betah mesthi suwe ing sekolah.Mbuh ngitung suket ing lapangan, ngitung kendaraan sing liwat ing ngarep sekolah, apa nguthak-nguthek mikroskup ing lab. Sing gawe bocah-bocah seneng ya diseteleke CD interaktif

Lagi penak-penake donlod materi keprungu swara wong uluk salam

“Kula nuwun…”, aku mlengak ngungak njaba. Ing ngarep lawang wis ngadeg bocah saumurku nggawa tas isi kardus

“Mangga mbak, badhe kersa punapa ?” takonku. Atiku kroncalan nyawang tas isi kardus. Mesthi bancakan sega salawuhe, pikirku.

“ Punika Pak Darto dipunaturi dhaharan saking Pak Brata”, wangsulane si mbak karo mesem. Manis banget.

“ Inggih mbak matur nuwun,”aku sumaur bungah banget. Si mbak sing manis eseme banjur pamit mulih. Aku ora sabar enggal enggal ndhudhah kiriman sega salawuhe. Mbuh geneya yen ana sega bancakan wetengku mesthi langsung nyanyi lagu keroncong lan dhangdhut seru banget. Telap –telep anggonku mangan sega lawuh pitik bumbu bali, ora lali mi goreng lan acar uga daksok ing piring. Wah enak tenaaannn.

Lagi enak-enak nyokot tempe gorenge dumadakan keprungu swara lawang ngarep dithothok. Sapa ta iki ngganggu wong mangan ?

“Nuwun sewu mas, nyuwun pangapunten. Kalawau dhaharanipun klentu alamatipun. Ingkang leres kagem Pak Darto RT 4, sanes Pak Darto RT 1 ngriki. Pramila badhe kula suwun malih dhaharan kalawau.Nyuwun pangapunten mas.”

Sanalika aku gragapan Ngelingi isi dhus wis ngalih ing wetengku.Piye olehku mangsuli ? Saka njaba keprungu swara mobil mlebu ing latar.Wong tuwa lan dulurku teka sekeng sowan Simbah lan tilik bayi. Si mbak dakaturi pinarak dhisik.Ibu dakplayoni terus dakcritane prelune si Mbak tekeng omah.Ibu manthuk – mant huk karo mesem.

Wis mbak , mengko Ibu sing ngaturake menyang Pak Darto RT 4 .Ibu dhewe mengko sing matur rana lha dhuse wis didhudhah ki, nuwun sewu ya mbak. Ngapurane ya, bocah pancen ngawur dudu bageyane kok dipangan.” Ngendikane ibu alus

“O inggih Bu matur nuwun,nyuwun pangapunten kula ingkang lepat.Boten kula tliti alamatipun. Nggih sampun menawi makaten kula nyuwun pamit”

Sapungkure si mbak sedulurku padha ngguyu nyekakak ngece aku.Isiiiiin***180110




6 komentar:

rayready mengatakan...

ckckckckckckc . ngisin - ngisini . :s

*LOL :D

ning nanung mengatakan...

aja ditiru ya.....nggragase he hehe

Unknown mengatakan...

crita apik banget lan serrru. amanate dadi wong ojo nggragas lan kudu setiti

Unknown mengatakan...

Cah 7a Stupa

Yuda Dea K 21
Afif F.R 1
Ardian 5
Jevri K. 14
Andi T.S 3
Syukur Y.A 20
Mohammad R.A 16

1. paraga utama yaiku putranipun pak Darto RT 04
2. paraga mboten ndherek keluwargannipun amarga melu Uji Coba UN wonten sekolahan
3. ruang tamunipun resik lan sarwendah
4. perlunipun keluwarganipun paraga utama tindak wonten Tayu kanggo sowan simbahnipun paraga utama
5. gurunipun biologi maturut paraga utama yaiku maringi tugas nganyelaknipun banget
6. Kang ditindakaknipun paraga wonten ndalem yaiku akses internet kanggo nggolek tugas lan materi
7. si mbak rawuh wektu paraga donlod materi
8. si paraga remen banget amarga entuk dhaharan
9. Isinipun kerdus yaiku sego, pitik bumbu bali, acar lan mi goreng
10. si mbak nyuwun pangpura amarga dhaharannipun lepat alamat

amanatnipun yaiku aja nggragas lan kudu setiti yen nglakoni tugas

Unknown mengatakan...

Wah . . .crita mau apik banget lan sapa wong sing maca bisa ngguyu cekakan. Uga crita mau ngemu amanat yen dadi wong/bocah aja nGragas . . . .

Unknown mengatakan...

GROUP: THE LOVERZ OF BASA JAWI


WANGSULAN BASA JAWA CRITA “KECELIK”

1.Putranipun Pak Darto RT 1
2.Amargi nggarap soal Uji Coba UN ing Sekolah
3.Resik kaliyan sarwendah
4.Sowan simbah, amargi kalawingi wonten kabar yen bulik Sri babaran
5.Gurunipun yen maringi tugas nganyelakn banget
6.Buka computer lan internet kangge golek materi tugas biology
7.Wekdal penak-penake download materi biologi
8.Enggal-enggal ndhudhah kiriman sego salawuhe. Uga wetenge krasa ngelih kaya nyanyi lagu kroncong lan ndhangdhut seru banget suarane.
9.Sego, Iwak pitik bumbu bali, mi goreng, kaliyan acar
10.Amarga dhaharanipun kalawau klentu alamatipun.